Monday, December 1, 2014

                                                              Keluwarga Lucu
Wayah sore keluwargane Pak Toto padha lungguhan ana ing ngarep omah, sinambi mangani gorengan gedhang. Pak Toto sing dadi kepala keluwarga kuwi awit nggarwa bu Tuti duweni anak loro yaiku Nusa lan Nani. Waktu semono bu Tuti ora melu lungguhan, dheweke malah sibuk nyirami tanduran warni-warnine kembang sing ana ing pakarangan ngarep omah.
Anak sing pembareb jenenge Nusa, dheweke nimbali ibune, “bu, bu, bu mriki nderek dhahar gorengan to bu”. Bu Tuti ora nggagas omongane anake, dheweke malah terus wae nyirami karo ngembungi wewangi kembang-kembang mau. Anak sing nomer loro jenenge Nani ayune ora jamak. Raine moblong-moblong mencorong duweni lesung pipit ing kiwa pipine.
Omahe Pak Toto iku madhep ngidul persis ingkana jebles karo prapatan sing tumuju maring omahe Pak RT. Cacahe warga desa kana nganthi puluhan KK. Bu Tuti ngendhika maring anake lanang Nusa, mengkene kandhane, “ Sa Nusa ngene paculana lemah iki, ibu meh nandur kembang kamboja”. Nusa sing lagi enak mangani gorengan gedhang kaget ora jamak, sepontan dheweke mangsuli lan nuanggupi dhawuhe ibune “ inggih bu sekedhap”. Bibar kuwi Nusa budhal mlebu omah nggoleti pacul, terus marani ibune. Dheweke macul lemah mau kanthi tenaga rosa, nganthi ora sadar kepenthut.
Bu Tuti nandur kembang karo ngomong dhewek “ moga-moga kembang iki ora dirusak karo bocah-bocah cilik sing kadang padha pit-pitan ing ngarep omah”. Sing dikawatirake bocah mau anggone pit-pitan padha banter-banteran. Menawi ana sing midhek tanduran mau banjur langka sing gelem ngakoni.Anggone bu Tuti nadur kembang lan resik-resik pekarangane amargi meh dianakake lomba kebersihan desa kanggo mengeti pitulasan agustus.
Anake bu Tuti sing wuragil tesih kelas 4 SD, dheweke tesih aleman banget karo ibune, nganthi ing kanca-kancane diomong “ bocah kok mbok-mboken”. Wondene kangmase Nusa doyan manganan mulane awake lemo. Ibune seneng yen masakane dipamgan anak-anake, salah sijine masakan bubur kacang ijo sing marai numani dheweke.

Nusa kuwi kagolong bocah lanang sing pinter, manut, lan rajin ora kaya bocah-bocah jaman saiki sing mung padha gembelengan thok. Dheweke sabisa-bisane gawe atine wong tuwane bungah, akeh prestasi sing ditampa dheweke . Bu Tuti sing tesih anteng nyirami kembang ijig-ijig njerit “ Aduh, duh, aduh “. Jebule bu Tuti sikile kecocog paku amargi dheweke ora sandhalan lan ora ngati-ati anggone mlaku-mlaku ing pekarangan mau, saiki dheweke gelo lan ngloro sikile mentu getihe akeh. Banjur pak Toto nggendhong bojone dituronake ana ing paturon lan diobati.

No comments:

Post a Comment