Wednesday, December 10, 2014

Analisis Fungsi Pelaku Cerita Rakyat

Cerita Versi II
Asal-usul Desa Ranca Gantung
Mau-maune Kaji aring penyarang ceritane tukang golet iwak, wong nang daerahe dheweke ora mumpuni ya lunga maring rawa tegal bombak, nanging ya kanan-kanane nggawa sangu sing godhong bisa dadi iwak ndilalah ya ulih. Ceritane golet nang dina jemuah kliwon, ndilalah ora kena-kena wong ndilalah wangsite dina jemuah kliwon kanggone kanggo ngaso, dheweke dadi musnahe. Lhah sawise, sedulure cerita sapa ae sing golet iwak mesthi ulih nanging kudu nggawa sangu ya kuwe godhong klandingan sing bisa dadi iwak. Ana wong Bangunreja dina jemuah kliwon mancing ana ing pacor sikil, ora ulih-ulih malah ana sing diudul ora keton, malah ana sing senare ditarik nanging ora kena malah bali dadi patine. Nganthi ngibat-ngibati sapa bae sing ngembari dadi kaji umure ora bakal suwe lan mesthi akeh-akehe matine kendhat. Pokoke sapa bae sing golet iwak nangkono kudu nggawa sajen karemane Kaji penyarang ya kuwe bakaran budhin, ya pokoke nang rawa kuwe Kaji penyarang dadi pangone iwak ana ing rawa kuwe.Saiki sedulure Kaji penyarang malah ana sing pindhah maring desa Ranca Gantung mau.
Kaki Karjo golet iwak ana ing rawa kono, dheweke ulih iwak akeh banget. Mbarang dheweke arep bali Kaji penyarang mau ngeton lan takon maring dheweke mengkene, “Sapa kowe ? Kowe golet iwak seno akehe arep kanggo apa?”. Kaki Karjo mandhan kaget terus mbales takon, “Lha kowe sapa wani-wanine takon aku ? Aku golet iwak ya arep tak dol, apa kowe gelem nuruti syarate kanggo aku?. Kaki Karjo ora mudeng maring omongane Kaji penyarang , mbales takon “ maksude syarat kepriwe aku ulih adol iwak kiye? “Kaji penyarang ngomong mengkene “ ya ngonoh kowe ngarah iwak seno akehe terus didol tapi kowe kudu nyetujuni Nkmu ngenben dadi pangonku alias dadi muridku ana ing rawa kene”.
Kaki Sikin anake Kaki Karjo ndilalah sing ora tau sawah blas, ijig-ijig kerja ana ning sawahe tanggane sing perek karo rawa panggonane Kaji penyarang, ora let suwe dheweke tembe bae tekan sawah lagi njegong karo udud terus dadi patine nengkono. Pokoke sapa bae wong sing ngarah iwak nangkono ora tembung lan ora nggawa sajen karemene Kaji penyarang ora bakal ulih iwak lan dadi patine. Bisane Kaji penyarang golet iwak tekan rawa ana ing desa Ranca mau merga ora mumpuni kanggo nyukupi keluwargane. Sawise Kaji penyarang mancing ilang nang rawa kono, anggone metu ngeton nemoni wong sing padha nang sawah tekan sore nganggo tudung conthok.

Analisi Fungsi Pelaku Pada Versi II
1.Seorang daripada ahli keluarga meninggalkan rumah
Difinisi:ketiadaan
Lambang:b
Kutipan: :”Jarene keluwargane Kaji penyarang pada lunga sekang Penyarang pindhah maring desa Ranca Gantung.”
2.Satu larangan diucapkan pada wira
Definisi:larangan
Lambang:g
Kutipan:”Wangsite dina jemuah kliwon kudune kanggo ngaso malah Kaji penyarang golet iwak terus dadi musnahe
3.Larangan dilanggar
Definisi:pelanggaran
Lambang:d
Kutipan:”Kaji penyarang ulih golet iwak dina jemuah kliwon mulane ora ulih-ulih malah dadi patine”.
4.Penjarah membuat percubaan untuk meninjau
Definisi:tinjauan
Lambang:e
Kutipan:”Wong Bangunreja golet iwak pas dina jemuah kliwon nang pancor sikil mancing, kanan-kanane pancinge diseret tapi ora keton mbarang bali terus dadi patine”.
5.Penajarah menerima maklumat tentang mangsanya
Definisi:penyampaian
Lambang:z
Kutipan: :”Kaki Karjo takon maring Kaji penyarang sapa koe? wani-wanine takon aku.”
6.Penjarah mencoba memperdaya mangsanya dengan tujuan untuk memilikinya atau memiliki kepunyaanya
Definisi:muslihat
Lambang:ŋ
Kutipan:”Kaki Karjo nentang Kaji penyarang golet iwak kanggo penghasilan padha-padha ana ing Ranca Gantung”
7.Mangsa terpedaya dan dengan demikian tanpa pengetahuannya membantu musuhnya
Definisi:muslihat
Lambang:Ɵ
Kutipan:”Kaji penyarang aweh idin maring Kaki Karjo menawi iwak sing wis padha kena kanggo didol, lan aweh syarat anake kudu dadi pangone alias dadi murid utawa tumbal kanggo dheweke”.
8.Penjarah menyebabkan kesusahan atau kecederaan kepada seorang ahli didalam sebuah keluarga
Definisi:kejahatan
Lambang:A
Kutipan:”Kaki Karjo melu golet iwak ana ing Ranca Gantumg kanggo nyaingi Kaji penyarang”.
9.Seorang ahli keluarga sama ada kekurangan sesuatu atau ingin memilki
Definisi:kekurangan
Lambang:a
Kutipan:”Kanggo nyukupi keluwargane Kaji penyarang golet iwak nganthi tekan Ranca Gantung  lan dheweke ilang ana ranca kana”.
10.Kecelakaan atau kekurangan dimaklumatkan, Wira diminta atau diperintah, ia dibenarkan pergi atau ia diutuskan
Definisi:perantara peristiwa penghubung
Lambang:B
Kutipan:”Kanggo maremake ati Kaki Karjo nentang Kaji penyarang golet iwak kanggo penghasilan dudu kanggo lawuh keluwargane”.
11.Pencari bersetuju atau memutuskan untuk bertindak balas
Definisi:permulaan tindak balas
Lambang:C
Kutipan:”Kaki Karjo nyetujuni yen anake dadi pangone Kaji penyarang tegese dadi tumbale”.
12.Wira meninggalkan rumah
Definisi:pemergian
Lambang:↑
Kutipan:”Kanggo mumpuni keluwargane Kaji penyarang lunga golet iwak nganthi tekan ranca desa Ranca Gantung”.
13.Wira diuji, disoal diserang dan lain-lain yang menyediakan wira ke arah sama ada alat magis atau pembantu
Definisi:fungsi pertama donor
Lambang:D
Kutipan:”Kaji penyarang bisane golet iwak nganthi tekan desa Ranca Gantung sebabe kecingkrangan kebutuhan ekonomi keluwargane, dadi kanggo mumpuni keluwarga”.
14.Wira bertindak balas kepada tindakan-tindakan bakal pemberi
Definisi:reaksi wira
Lambang:E
Kutipan:”Kaji penyarang ndadekake anake Kaji Karjo dadi pangone utawa muride sing jenenge Sikin”.
15.Wira memperoleh agen sakti
Definisi:pembekalan atau penerimaan alat sakti
Lambang:F
Kutipan:”Kaji penyarang anggone golet iwak ana ing ranca mau nggawa godhong klandingan, lan godhong kuwe dadi iwak sing akeh”.
16.Wira dipindahkan, disampaikan atau dipandu ke tempat-tempat terdapatnya objek yang dicari
Definisi:perpindahan diantara ruang, diantara dua negeri, panduan
Lambang:G
Kutipan:”Kaji penyarang lunga golek iwak nganthi tekan ranca sing ana ing desa Ranca Gantung kanggo mumpuni keluwargane”.
17.Wira dan penjarah terlibat didalam pertarungan
Definisi:pergelutan
Lambang:H
Kutipan:0
18.Wira ditandai
Definisi:penandaan
Lambang:J
Kuitpan: Sawise Kaji penyarang dadi pangone iwak ana ing ranca kana, dheweke duwe tanda ya kuwe nganggo tudung conthok nek dheweke ngeton ana ing sawah”.
19.Penjarah ditewaskan
Definisi:kemenangan
Lambang:I
Kutipan:”Kaji penyarang ilang wektu dheweke golet iwak ana ing Ranca Gantung mau”.
20.Kecelakaan atau kekurangan awal diatasi
Lambang:K
Kutipan: :”Ndilalahe Kaji penyarang anggone golet iwak dina jemuah kliwon lan ora nggawa sajen tumpeng terus dheweke ilang ana ing ranca kono.”
21.Wira pulang
Definisi:kepulangan
Lambang:↓
Kutipan:0
22.Wira dikejar
Definisi:pengejaran
Lambang:Pr
Kutipan:0
23.Wira diselamatkan
Definisi:penyelamatan
Lambang:Rs
Kutipan:0
24.Wira yang tidak dikenali, tiba ke negerinya atau ke negeri lain
Definisi:kepulangan tanpa dikenali
Lambang:O
Kutipan:”Kaki karjo takon maring Kaji penyarang sapa koe?, Kaji penyarang balik takon koe sapa golet iwak akeh semono arep kanggo ngapa?. Kaki Karjo njawab arep tak dol, terus Kaji penyarang semaur ya ngonoh koe golet iwak semono akehe kanggo didol nanging anakmu kudu dadi pangonku dadi muridku tegese kanggo tumbal. Kaki Karjo nyetujuni syarate Kaji penyarang”.
25.Wira palsu mempersembahkan tuntutan palsu
Definisi:tuntutan palsu
Lambang:L
Kutipan:0
26.Suatu tugas yang dicanangkan kepada wira
Definisi:tugas berat
Lamabang:M
Kutipan:”Kanggo mumpuni keluwargane Kaji penyarang golet iwak nganthi tekan rawa desa Ranca Gantung”.
27.Tugas diselesaikan
Definisi:penyelesaian
Lambang:N
Kutipan:0
28.Wira dikenali
Definisi:pengecaman
Lambang:Q
Kutipan:0
29.Wira palsu atau penjarah didedahkan
Definisi:pendedahan
Lambang:Ex
Kutipan:0
30.Wira diberi rupa baru
Definisi:penjelmaan
Lambang:T
Kutipan:0
31.Penjarah palsu dihukum
Definisi:hukuman
Lambang:U
Kutipan:”Saben warga desa Ranca Gantung lunga haji mesthi umure ora suwe sebabe ngembari Kaji penyarang dadi ukumane umure ora suwe ana desa kono”.
32.Wira berkahwin dan menaiki takhta
Definisi:perkawinan
Lambang:W

Kutipan:0

No comments:

Post a Comment