Nguwongake
Wong
Dening
: Sri Adi Harjono
Jroning kaijenan
Takcoba nggathuk-gathukake bali remuke ati
Kang kocar-kacir pating kececer
Lara rasane...
Sasat maewu kasangsaran bareng sinandhang
Njarem nyengkerem jeroaning jiwa
Otot banyu pepes, rasane lemes
Nanging thelenging batin menyat
Tumuli mesat ndedel awiyat
Gugat marang langit
Kekuwatan apa kang wus ngrampas luhuring bebudenmu
Dhemit endi kang wus ndeder wiji piala ing atimu
Saengga kang biyen sliramu ngrapyak sumanak
Malih dadi anggak, ladak tur galak
Pamitran kang banget aji
Tanpa rasa risih kokcidrani
Gugatku nggugah greget
Ora bakal takrilakake sliramu nyawang aku
Gumlethak dhelak-dhelak
Tanpa daya dadi tontonan kang gawe senengmu
Saiki, ayo bareng-bareng neter waka
Saka ara-ara panguripan iki, ayo padha balapan
Nggolek kodok ngemuli lengen
( aja mbok anggep sepele )
Endi kang dhisik nemokake
Yaiku sing jeneng wong agung
Wong agung ora gumantung
Tumpukane bandha, gedhene panguwasa
Kang wus ngasorake aku, wong mlarat tanpa pangkat
Wong agung kuwi wong kng bisa nelukake dhiri
Wong kang bisa ndadekake wong liya agung
Nguwongake wong
Sumber : Panjebar Semangat Edisi Agustus 2010
No comments:
Post a Comment