Sinopsis
saking cerkak ingkang judulipun “Tresnane Tetep Wutuh”
Anggitanipun
: Inuk
Tiyas
iku garwanipun Krisnawan, nanging saiki wis dadi randha, bojone Krisnawan, wis kapundhut
nalika umure 48 taun. Dheweke duwe anak loro ingkang tesih sami kuliyah sak waktu
Krisnawan tinggal donya. Sawijining dina Bu Danang kaliyan garwanipun mertamu
ana omahe Tiyas, tujuanipun Bu Danang kaliyan garwanipun merdhayoh meh ngraketaken
sedereke kaliyan Tiyas. Wis meh 8 taun Krisnawan katimbal dening kang Murba
Urip, ananging Tiyas durung bisa narima priya liya sing bisa dadi gantine
Krisnawan. Sak waktu dheweke dadi randha tembe 2 taunan ana wong lanang sing
ngajak bebrayan mbangun bale wisma yaiku Pak Totok, nanging dheweke durung bisa
njawab amargi tasih kelingan Krisnawan wae.
Pirang-pirang priya sing ngajak
dheweke urip sesarengan nganthi tekan besane kangmase sing ana ing Yogyakarta.
Durung nganthi dikenalake Tiyas wis nulak kanthi alus. Rasane atine isih ilang
separo, isih suwung, durung bisa nampa tekane priya liya. Tiyas kalebu wong
wadon sing tatag atine ditinggal bojone dadi singel parent nanging bisa
ngrampungake kuliyahe anake kanthi duwe pegaweyan mapan.
Durung
suwe iki ana kedadeyan sing gawe atine Tiyas goreh. Ana salah sijine kanca SMP
yaiku Firman, sing wis 40 taun kepungkur ora tau kabar-kinabaran. Ngerti-ngerti
tilpunan lan crita ngalor-ngidhul nganthi suwe. Firman ulih nomer tilpune Tiyas saka mbakyune
Tiyas sing saiki sak kutha karo dheweke. Sabubare ketemu Tiyas, Firman
kaya-kaya ora kuwat ngempet rasane ati, sing wis puluan taun disimpen jero.
Nanging sanajan wis puluan taun, jebul rasa kuwi ora bisa ilang. Patemonan iki
bener-bener gawe goreh, gela lan lara banget. Saiki Firman wis mengku kaluwarga
sing kebak kabagyan, Tiyas ora arep ngrusak kemapanan iki.
Sabaline Firman, Tiyas nangis
ngguguk, atine saya karanta-ranta. Semono uga Firman, dheweke uga ngandhakake
yen atine goreh lan awake ngleyang. Nganthi pirang-pirang dina Tiyas ora doyan
mangan lan ora bisa turu. Nanging Tiyas ora gelem crita apa-apa marang anake.
Durung mari perihe ati, lha kok Pak lan Bu Danang nakokake Tiyas yen mbokmanawa
kepengin omah-omah maneh. Sejatine anak-anake Tiyas nyarujuki wae yen ibune
ngersakake krama maneh. Dina-dina iki
Tiyas lagi seneng-senenge ngudang putune. Atine bagya banget kaparingan putu
lanang loro sing pinter-pinter lan nggemesake. Tiyas pancen durung bisa ngedum
katresnane tumrap wong liya saliyane karo Krisnawan.
No comments:
Post a Comment