Saturday, December 13, 2014

Taman Geguritan 1

Utopia
Dening : Inggih Sunarto
Pengin dakwiyaki mendhung
Nggoleki kluwung
Dadi gumendhung
Pengin dakjupuki lintang
Kanggo pepadhang
Dadi keplantrang
Pengin daktututi srengenge
Dakcandhet lakune
Dadi tansaya akeh ilange
Dina-dina mlengse
Dhuh kluwung bareng lakune angin
Ilang indahe
Dhuh lintang
Ing awang-awang
Gampang ilang
Dhuh srengenge
Mengulon parane
Ngendi sejane








Napak Tilas
Dening : Sumono Sandy Asmoro
Wengi iki aku wiwit jumangkah
Nyasak dalan sapecak
Napak tilas sikil-sikil atau
Lakuen pendhawa sing klah main dhadhu
Perih iki wohing kajujuran
Sing disebratake dening para
Culika sing ngaku dhadha satriya
Ya iki werdine impen kadaradasih
Nalika kuncarane langit koncatan
Kedhep lintang lan esem rembulan
Wengi iki aku wiwit jumangkah
Napak tilas lakune pendhawa
Kalah main dhadhu
Iki pendadaran sejati
Iki pengumbaran sejati
Tumrap winih kesisih
Sing nintingi werdining perih






Pitakone Wengi
Dening : Tangguh h.w
Memaniking netraku
Nyimpen
Endahe wewayanganmu
Nalika aku lan kowe
Ngronce lintang sumunar
Ing endahe langit
Wengi
Isih keprungu
Cetha nganti wengi iki
Tetembunganmu kang nandhes ati
Mas, apa bisa salawe








Sumber : Panjebar Semangat Edisi Agustus 2010

No comments:

Post a Comment