Showing posts with label Kumpulan Cerkak. Show all posts
Showing posts with label Kumpulan Cerkak. Show all posts

Friday, January 9, 2015

Gegayuhanku
Dening Lasmiyati
“Nduk apa kowe isih duwe gegayuhan nerusake kuliyah bibar lulus SMA sesuk ?” pitakon ibune Tuti sing lagi nyirami tanduran ana ing pakarangan mburi omah. Tuti ana ing kono mangsuli “Inggih bu, kula pancen gadhah pangarep-arep saged kuliyah ing Universitas Negeri Semarang!”. Bu Salem terus wae neges mengkene “Universitas Negeri Semarang kae sing ana ing kota Semarang kuwi sing dadi tujuanmu kanggo kuliyah ?” Tuti lancar wae mangsuli pitakon ibune “Inggih bu leres, awit alit kula sampun gadhah cita-cita kepengin dados panulis karya sastra mliginipun sastra jawa. Mila kula kedah mundhut jurusan sastra jawa kanggo nuwuhaken hobi kula ingkang remen nyerat niki”.
“Ya wis nek pancen kuwi cita-citamu bisa uliyah, mugi-mugi anggonmu kuliyah bisa dadi kamulyan kanggo panguripan ing mbesuk emben.” Bu Salem namung bisa sumaur mengkono lan mujikake anak wadone.
Saya suwe anggone ana ing pakarangan saya akeh tanduran sing wis disiram. Nanging bu Salem kepengin nandur kembang kamboja. Panjenenganipun ngundhang adhine Tuti sing jenenge Rama “ Ma... Rama...ibu paculana lemah iki kanggo nandur kembang kamboja “. Bu Salem duwe anak loro lanang wadon. Tuti dadi pembareb kudu bisa dadi tuladha kanggo adhine. Rama sing ana ing njero omah krungu dhawuhe ibune, dheweke gageyan mentu lan mangsuli “ Inggih bu sekedhap, madosi pacul rumiyin!”. Pacule ketemu dheweke terus macul lemah mau nganthi kepentut. Ibune moni mengkene “Kowe bocah lanang macul ya kaya ngono kuwi sing rosa nanging ya aja nganthi kepentut ta!”. Rama terus wae macul ora nggagas omongane ibune. Wewangen warni-warnine kembang ing kebon marahi bu Salem betah, ora yen jagade wis sore lan labuh peteng.
Omahe bu Salem sing dadi garwane pak Sadi ana ing prapatan dalan kanggo tumuju sekolahan mula saben dina wayah esuk dalan kuwi rame anggone bocah padha mangkat sekolah. Bocah mau nganthi puluhan. Ana sing nyepedha, ana sing mlaku, ana sing nyepedha montor kabeh padha banter-banteran kepengin tekan gisitan. Omah-omah liyane padha adoh saka papan ramene bocah sekolah mau.
Jagad saya peteng saya peteng Tutu bibar adus weruh adhine arep nyapu jogan tengah papan kanggo nonton TiVi, dheweke ngomong “Dhek wis adusa tak sapune aku wae, wis sore enggal maghrib ndak telas sholat maghribe”. Rama budhal menyang sumur lan menehke  sapu marang mbakyune. Kaluwargane pak Sadi kagolong kaluwarga sing harmonis, ora tau ana congkreh antarane anak karo wong tuwane. Kagolong rumah tangga sederhana nanging ya cukup, gajine pak Sadi dadi PNS nyambut damel ana ing kantor desa. Wengi kuwi kaluwargane pak Sadi padha lungguhan sinambi nonton TiVi, pak Sadi ndhawuhi anak wadone “Tut bapak gawekna wedang kopi nanging aja kelelegen sing sedeng wae!”. Tuti mangkat menyang pawon karo mangsuli “Inggih pak”. Bu Salem saka pawon nggawa gorengan gedhang. Dadi lengkape wedang kopi, wayah kuwi ya udah tumetese banyu dadi angete kanggo kumpule kaluwarga.
Tuti karo adhine pancen rukun banget bocah loro kuwi jarake pancen ora adoh namung kacek patang taun. Tuti kelas telu SMA umure wolulas taun, adhine sing kacek patang taun nembe kelas loro SMP. Kadhang kala bocah loro kuwi padha sinau bareng guyup rukun. Ijig-ijig Rama moni mengkene “Mbak sekolahmu kanggo mengeti pitulasan ana lomba apa wae ta?” Mbakyune mangsuli “He aku durung ngerti dhek lombane apa wae, aku kepengin nyoba ngirim hasil tulisanku marang panjebar semangat”. Rama setuju bnaget marang sing diomongna mbakyune. Sebab dheweke ngerti yen pancen tulisane mbakyune kuwi apik, bener-bener bisa diomong duwe bakat ana ing bidang sastra. “Lho bener kandhamu mbak, panjenengan kudu wani ngirim hasil tulisanmu menawa diterbitke”.
“Ya dhek iki aku meh nyoba ngirim. Nanging kandhane pak Guruku kudu tlaten ngirim biasane sing diterbitke sing wis ngirim ping akeh, tapi ya muga-muga aku lagi ngirim terus diterbitke”. Tuti sumaur karo mbukak laptop sing wis diarepake. Tuti pancen bocah cerdas lan ayu, nanging dheweke ora tau ngakoni yen dheweke rumangsa luwih saka kanca-kancane sing saumuran karo dheweke. Dheweke namung kepengin kapinterane migunani kanggo tiyang kathah, ora mung pinter kanggo awake dhewek. Nek adhine pancen duwe sifat manganan nanging dheweke manut ora kaya bocah lanang-lanang liyane sing namung padha gembelengan thok.
Pak Sadi lan bu Salem bangga banget duwe anak loro sing bisa gawe bungah atine. Hebat kabeh. Mula pak Sadi setuju yen lulus SMA Tuti nglanjutake kuliyah ana ing Universitas Negeri Semarang kana. Tuti saben ndonga mesthi ngomong mengkene “Aku sabisa-bisane kudu dadi kebanggaan wong tuwaku, kudu bisa dadi tuladha sing becik kanggo adhiku. Mugi Gusti ngijabahi kabeh gegayuhanku”. Nanging dheweke kadhang cilik ati ora percaya dhiri apa dheweke kira-kira bisa dadi panulis sing misuwur kaya Asma Nadia idolane kuwi.
Monine jam nyunjukake yen wis wengi wis wayahe kanggo turu, saka meja sinau Tuti menyat mapan turu ana ing paturon. Dheweke ora bisa-bisa merem, matane ngantuk nanging pikirane urip terus, dheweke wedi yen nganthi ora bisa ketrima lan kuliyah ana ing Universitas Negeri Semarang mau. Nanging wengi saya wengi dheweke bisa merem lan turu angler. Jam papat jagone wis kluruk Tuti gageyan tangi, menyang sumur wudhu terus sholat subuh nglakoni kuwajibane umat muslim. Kaya adat saben dheweke terus ngewangi ibune ana pawon, “Bu...sakmenika nyayur napa?”
Iku iket-iketan kangkung diudari, diprithili ndang dikumbah. Ibu ta gawe bumbu.” Sumaure bu Salem karo terus nguleg bumbu mau. Tuti gageyan njupuk kangkung terus diprithili lan dikumbah. Bibar umbah-umbah kangkung dheweke terus nyekel sapu, nyapu kabeh jogan. Saben isuk Tuti paling ya mung bisa ngewangi gawean ibune kaya mengkono, amarga dheweke ya kudu mangkat sekolah gasik. Nyapu rampung dheweke terus menyang sumur adus terus macak lan sarapan ana ing meja bareng adhine lan bapake.
Isuk kuwi jam enem seprapat kabeh panganan wis cumawis ana ing meja. Masakane bu Salem pancen enak mula anak-anake lan bojone ora tau njajan ana ing njaba. Masakan apa wae numani anak lan bojone merga anggone masak tenanan lan pancen enak. Rama ngundhangi ibune “Bu...bu...bu...ngenjang masak sayur kangkung malih nggih, kula remen sanget kaliyan masakanipun panjenengan “. Karo umbah-umbah piring ibune mung mesem lan manggut. Ora mung kaping loro, telu Rama ngalem masakane ibune. Monine banyu tetes telung tetes mratandhani yen isuk kuwi udan.
Adhuh udan, piye iki mangkat sekolahe mbak?’’ takone Rama marang mbakyune. Mbakyune mung nyengir.
“Wayah wong budhal nyambut gawe malah udan!” ngeluhe pak Sadi.
“Wis ta pak aja ngeluh kaya mangkono banyu kuwi nggawa rejeki kari ndonga wae muga-muga enggal terang “ Omonge bu Salem karo nggawakna tas kantore bojone.
“Iki sangune Nduk, Le” bu Salem nggawa dhuwit ewon karo ngecungake marang anake. Iki telung ewu kanggo kekalih, nyewon”. Rama lan Tuti mangsuli “ Inggih buuu....”
“Lhah dhelok kae terang ndang padha budhal ta” monine bu Salem . Tuti gageyan njupuk tas lan pamitan marang wong tuwane “Pak bu tuti mangkat rumiyin.”
“ Ya ngati-ati Nduk” wangsulane bu Salem karo bojone. Mentu omah Tuti wis dienteni kancane sing jenenge Dwi, Tuti pancen bocah sing priyatin sekolah SMA wae esih gelem nyepedha ora kudu numpak montor kaya bocah-bocah jaman saiki. Bocah loro kuwi mau banjur mangkat bareng.


Cuthel

Tuesday, December 2, 2014

SMP NEGERI 1 GODEAN

2013-2014

“Endahing Sodakoh”

          Saskia sawijining prawan umur 7 tahun, ananging deweke nduweni nasib sing kurang pener. Wong tuwane nduweni pagawean dadi buruh serabutan sing ora duwe penghasilan tetep. Saskia lungguh ing bangku kelas 1 SD, deweke bocah sing apik, sregep, pinter, la mituhu kalangan adreng kakasepane kanggo ngangsu kawruh.
          Sak baline saka sekolah deweke mesti golek gawean kanggo mbiyantu wong tuwane anggone mbayar sekolah.
      “Bu kula mlampah sekolah riyin nggih” swasana munine karo nyedaki ibune sing ngumpukake kumbahan tanggane sambi tangan silike iku sungkem neng astane ibune.
      “Iyo, ngati-ati ya Kia, sinau sing bener yo nak” jawab ibune sinambi bgelus sirahe anake kuwi.
      “Inggih, tentu Ibu” ujar Saskia kebaking semangat.
         Saskia mungil iku lumaku nelusuri sawah kang becek lan kali sing lagi asat banyune, pancen gede semangat juange prawan cilik iku kanggo tumuju sekolahe. SD Negeri Maju Jaya, iku sekolah sing durung kejamah karo pemerintah, sekolah iku ora llayak banget digunakake lan ing mangsa rendeng wae kepekso dipreekke. Ing kelas Saskia iku siswi sing aktif banget lan cerdas, dewekke nglungguhi peringkat pisanan ing kelas semester pisanan.
               “Saskia, nderek Ibu dhisik nduk ten kantor” ature Bu Hidayah.
               “Nggih Bu” Jawabe Saskia.


         Tekan ing ruang kantor guru, Saskia lungguh ing kursi lawas iku.
      “Nak... iki layang kanggo ibumu, sesuk ibumu ngadap ibu yo” ature Bu Hidayah alon.
         “Pancenioun wonten menapa Bu?” pitakon Saskia polos.
         “Kowe durung mbayar SPP 5 wulan nak”  jawabe Bu Hidayah.
      “Ooo perkawis niku, inggih Bu matur nuwun” Jawabe Saskia sambi menyat lunga saka ruangan iku.
         Wektu bali sekolah wis teko. Saskia ageage tumuju kamar mandi lan ganti sandangan kanggo golek gawean ing dino iki. Banjur alon alon Saskia tumuju pasar sing wis biasane diparani.
      “Measakake Ibu lan Bapak, aku kudu mbantu piyambake” grenenge Saskia anaing batine.
         Wektu iki Saskia nyambut gawe mbiyantu Ibu-ibu sing ngasto blanjaan akeh.
               “Ibu, pareng kula ngrencangi mbeto blanjaanipun?” Saskia nawani.
               “Iyo oleh nak”
         Dino iku lumayan ,Saskia oleh upah duwit 25ewu lan deweke ageage bali sebab wektu iku wis san soyo sore banget. Ind dalan deweke ketemu karo pengemis tua, lan deweke rumangsa ternyuh banget marang pengemis iku.
      “Simbah kadosipun lemes sanget, simbah sakit?” pitakon Saskia marang pengemis iku.
      “Aku durung mangan wis rong dina iki nak, aku mung ngombe banyu putih tok, iku wae ming ping pindo” Jawabe pengemis iku lemes.
      “Menawi ngaten niki ngangge simbah, lumayan kangge tumbas dahar lan unjukan” sinambi ngulungake duwit 25ewu  sing mau ditampa saka asile nyambut gawe.
      “Nuwun ya nak kowe pancen bocah cilik sing mulya budi pekertimu, mogo mogo Gusti tanssah maringi kacukupan marang awakmu” Jawabe pengemis iku rumangsa ternyuh marang tumindake Saskia.
      “Inggih sami-sami mbah, kula wangsul riyin nggih mbah, simbah enggal-enggal mawon mundhut dahar lan unjukan, sepados simbah tansah sehat”ucape Saskia lan terus menyat ninggalake emperan toko iku banjur bali.
      “Iyo ngati-ati nak”
      “Inggih mbah” Saskia mesem nyawang simbah iku sing uga ngesemi deweke.
Saktekane Saskia ing ngomah.
      “Assalamualaykum” kanthi suara sing lucu iku deweke mbukak lawang.
      “Wa’laikumsalam, kowe seko ngendi wae Kia?” pitakone ibune
      “Wau kula kerja mbiyantu ibu-ibu ing pasar mbetaaken blanjaanipun bu”jawabe Saskia kanthi peraupan sing polos.
      “Aduh nak, kowe ora usah kerja manih yo nak, tugasmu ming sinau sakiki, ben Ibu lan Bapak wae sing golek duwit kanggo biaya sekolah mu nak” ature ibne Saskia sambi netesake eluh sebab piyambake rumangsa ternyuh marang anake sing gelem kerja kareben sekolahe langgeng.
      “Ibu mboten usah muwun, Kia mboten napa-napa kok Bu” tangan cilike ngusap eluhe ibune.
      “Ngapurangen ibu lan bapak ya Kia? ,wong tuwamu durung bisa nyenengake kowe kaya bocah-bocah liane, sakiki ndang adus lan maem yo nak” sambi nyayang lan ngaras pipine kang ndembil iku.
      “Kula mboten napa-napa bu ,nanging nyuwun ngapunten ugi bu, dinten iki kula mboten mbeto arta, artane kula paringke simbah sepuhten mergi ingkang dereng dahar wau” ucape Saskia polos karo ngrangkul ibune.
      “Kowe pancen anake ibu sing ayu tenan tur becik, iku tumindak sing luhur, kowe ora perlu nyuwun ngapura marang ibu” jawab ibune mongkog.
      “Emmm.... niki serat saking bu guru kangge bapak lan ibu, ngendikanipun ibu benjang kapurih tindak dateng sekolah kula, kangge manggihi Bug Guru Hidayah” sambi ngetokake layang saka tas sing wis suwek cilik ing bagian kiwo tengene.
      “Iyo ,sesuk ibu arep ning sekolahmu nak”
         Ing dina esuke Saskia mangkat sekolah dikancani ibune. Ing dalan Saski menehake duwit receh marang para pengemis sing kapethuk.
      “Kowe pancen peri cilike ibu nak” grenenge batine ibune sambi mesem mongkog.
         Sak tekane sekolah, Saskia langsung nderekake ibune menyang ruangan guru kanggo nemoni Bu Hidyah.
               “Assalamualaykum Bui” ucape Saskia.
               “Wa’alaykumsalam sumangga pinarak lenggah bu” jawabe Bu Hidayah.
      “Sakestu nipun wonten menapa to bu? Kok ndawuhi kula supados  sowan ibu mriki?”
      “Ngenggi bayaran SPP, Kia dereng mbayar limang wulan”  Bu Hidayah jelasake
      “Oooo perkawis menika, ingih bu kula badhe enggal nglunasi, nanging kula nyuwun inah setunggalminggu nggih bu” jawabe ibune Saskia.
      “Inggih menawi mekaten bu” jawabe Bu Hidayah.
         Sabanjure ibune Saskia bali deweke mikir kepiye carane supaya deweke bisa mbayar aning wektu minggu iki. Karo mlaku alon-alon deweeke nubruk ibu enom tur sugih kang ngagem sandhangan warna biru langit lan nggagem jilbab kang nutupi aurate.
      “Nyu..nyu..nyu nyuwun ngapunten bu, kula mboten sengaja” ucape ibune Saskia gugp.
      “Nggih mboten napa-napa bu, ibu kenging menapa kok ngalamun? Kamangka suasanaipun rame ngaten?” pitakone ibu Riana alon.
      “Mboten Bu, kulo butuh biaya sekolah anak kulo 
      “Menawi mekaten ibu kerso dados rencang ing griya kula,
      “kaleresan kulo nembe mbetaken rencang, kulo badhe nggaji Rp 1.000.000,- per wulan? Kados pundi bu?= Tawarane Bu Riana marang Bu Saskia
      “Y... inggih kulo betah arto ing minggu niki Bu, nanging kulo betah anto ing minggu niki Bu” kanthi rupanipun kang sumringah lan mbanjur mbleret meneh.
      “Sampeyan boten perlu khawatir ngengingi biaya sekolah putrane, kulo ingkang nanggung”
      “Leres meniko bu? “ roso rapercaya marang ature bu Riyana
      “Inggih leres bu” kanthi mesem manis kang lubak riso kapercayan yen ibune Saskia sawijining ibu sing jujur lan tanggung jawab
      “Matur nuwun bu, matur nuwun sanget bu!” Jawawb ibune Saskia bunggah
      “Menawi mekaten sak niki ibu ten nggriyo kulo lan saget wiwiti kerjo dino niki” Jelas ibu Riyana
      “Inggih bu, kulo purun!” kanthi roso kebak ing semangat lan sak banjure Siska biso sekolah kanthi nyaman lab biso nekmati masa kanak-kanak kanthi wajar.

      “Iki kabeh amargo bocah kuwi ugo, deweke tansah seneng menehi sodakoh karo sepodo-podo lan saiki Allah S.W.T maringi piwales kang luwih soko sing disodakohke. Allah asa nate sare lan Allah tansah mirungakake panjertie atine para kawulane, matur nuwun ya Allah awit sedoyo sih kanikmatan, sak meniko kulo sanget ngatosaken ridhaning bersodakoh.
MALING


Nalika sepedha motor sing ilang iku during ketemu, Pak Gendhon tanggaku sing brengose nilamprang kaya warok Ponorogo, kuwi tansah muring-muring. Sebab ana sassus yen seng nyolong pit montor mau si Gendhon, anake. Nadyan wis dak kandhani, ora susah nanggapi kabar angina sing during karuwan juntrunge kuwi, nanging Pak Gendhon tetep mbregudul. Jare, kupinge dadi panas yen ngrungokke.
“Nanging Gendhon bener-bener dudu malinge, ta?” pitakoku mantebke.
“Ya ora mungkin anakku tumindak nistha mangkono, “wangsulane tegas.
“Wiwit cilik Gendhon iku bocah sing nurut. Aku pancen sing ndhidik mangkono. Yen ta dheweke iku gelem nyolong, biasa ta, yen sing dijupuk kuwi dhuwitku utawa dhuwite embokne?”
“Yen pancen ngono, kena ngapa Pak Gendhon mesthi nesu-nesu?”
“Aku ora nesu. Sapa sing nesu? Aku mungkepenin nerangake nyang wong-wong kuwi yen anakku becik-becik wae anane. Nanging wong-wong kuwi dha ra gelem ngerti.”
“Apa kabeh tangga-tangga sing meri marang kesuksesane Pak Gendhon, kaya-kaya kok ana empere. Selagine aku dhewe, sing ora duwe perasaan kaya mangkono, gedhe cilik uga nyimpen rasa sujana jroning ati. Sebab, sak ngertiku Pak Gendhon, lan anake iku ora duwe gaweyan kang mesthi.
Dheweke iku dudu petani, wong sawah wae yo ora duwe. Yen ono wong ngira Pak Gendhon iku pedagang, malah ana empere, awit yen nyandhang memper banget kaya dagang sapi. Nanging sejatine ya dudu. Sak ngertiku Pak Gendhon kuwi gaweyane mung mrana-mrene. Embuh, menyang ngendi wae parane.
Nalika ing sawijining wektu bab iku sengaja dak takokake marang dheweke, Pak Gendhon mangsuli, menawa menawa anggone lunga mrana-mrene lan apa gaweyane, ora perlu dikuwatirke. Sing penting mulih bias nggawa dhuwit,” wangsulane karo ngguyu nggleges. “Mosok sampeyan ki kaya ora ngerti wae. Asal sampeyan rak saka kutha.” Lan aku uga melu ngguyu.
Ndalem batin aku kurang percaya. Nanging gendheng katone dheweke tetep ora gelem ngaku apa gaweyane., mula amrih ora gawe gela atine, aku ngenggokake gunemku menyang bab liya. Nalare, wong kaya Pak Gendhon sing sekolah SD wae mbuh lulus mbuh ora, tur ora duwe ketrampilan liya, katone kok mung cocog minangka kuli angkut beras ing pasar utawa paling dhuwur dadi manol ing terminal. Lan iku kabeh ora mungguh karo kasugihane kang ngluwihi sugihe tangga-tanggane. Apa maneh lungane, kaya sing bias dak gatekake, mesthi ora kurang saka sepasar, malah sok-sok nganti rong minggu barang.
Dene Gendhon dhewe, nadyanaku wis meh limang taun dadi tanggane, during tau sapejagong pisan-pisana. Pol-pole mung winates manthuk utawa mesem yen pas pethukan ing ndalan utawa yen dhong liwat ngarep omah. Uga kaya Bapakkne, Gendhon yen lunga ya nganti pirang-pirang dina lagi mulih.
Prasangka alane tangga-tangga marang Gendhon lan Bapakkne, dak kira disebabake klawan sipate wong loro iku dhewe. Mbok menawa yen urip ing kutha ora dadi masalah, nanging beda kutha beda ndesa. Urip ing ndesa wae digethingi wong akeh amarga ora tau gelem teka kerja bakti utawa ora gelem nekani bebrayane desa.
Sikap lan sipate Gendhon lan Bapakke iku pancen wis suwe dadi pocapan. Yen olehe ora gelem srawung lan kumpul, ya olehe sok nyombongake kasugihane, ya sing ora cetha apa gaweyane, lan sapanunggalane.
Sumber
Balapan
            Ing jaman saiki akeh bocah cilik ingkang pada iso nunggang motor. Salah sijine Aji ingkang ngumur sewelas tahun  utawa kelas lima SD. Amerga wis ngrasaake kepenake nunggang motor, dadi kebiasane Aji yen dolan-dolan nganggo motor. Menawa miturut Negara sing oleh numpak montor iku tiyang kang uwis anduweni SIM utawa Surat Ijin Mengemudi.
            Ing wayah sore, Fatih kancane aji moro ing ngomahe.
            “Ji, aji…aji….” Fatih bengak-bengok ing ngarep omahe Aji.
            “ Woi…..dilit” suarane Aji saka njero ngomah.
            Let sadela suara pating gedebuk kaya ana lindu dirasake Fatih .
            “Wah…. Iki apa sek tak goleki,lagi ngopo Ji kok suwe banget?” pitakone Fatih marang Aji kang lagi wae mlayu marani Fatih.
            “He..he..he..he lagi wae madang, alhamdullilah wareg!!”
            “Wuuuuu…..awak wae sing digedeke, pikiran ya digedeke !”calethune Fatih.
            “ Kadingaren dolan sore-sore, ana apa?” pitakone Aji.
            “Ayo Ji mubeng-mubeng nganggo motor. engko balapan wis, gelem ra?”jawabe Fatih karo cengar-cengir.
            “Ayo!!! paling sampeyan yo kalah mas bro.”
            “Weh aja ngremehke,ngeneki aku wis tau juara balap karung jhe.”
            “Apa hubungane ro ciduk???”
            “Ha…ha..ha… dingo adus.” Jawabe fati karo nguyu cekikikan.
            Sak banjure Aji mlebu ing garasi ngetoake motore. Treng…treng…teng….teng…teng…suarang motor jet collede Aji lan Fatih kaya wajan kang ditutuki marang ibune aji Pas lagi duka.
            “Siap rung tih?”pitakone Aji kang wos siap arep balapan.
            “ Siap ndan.” Wangsulane Fatih
            “Siji…loro…telu…”
            Treng …..treng….teng….teng…..aji lan fatih pada banter-banteran numpak montorr mubeng ndesa. Wong loro kuwi pada selip-selipan kaya balapan motor antarane Valentino Rossy lan lorenzzo.
            Ana ing pertelon aji lali ora ngurupake klakson. Ora nyongko ing lawan arah ana bakul some. Aji kaget banget,dheweke bingung lan gugup.
            “Lik….lik….lik…awas”
            Grubyuk,klonteng , tlepok-tlepok-tlepok. Some kang ana ing kwali pada menculat ing lemah. Praupane Aji lan Fatih mbalek sak untara,dadi pucet kaya mayet kanga arep dikubur.
            “kepriye tha le…? Nek numpak motor aja banter-banter. Daganganku temumplak kabeh , piye nek ngeneki?”pituture bakul some.
            “ Kula nyuwum pangapunten pak, sak estu kula mboten sengaja” jawabe Aji kang kaweden.
            “Saiki daganganku uwis ora payu,amerga someku tak tumplakke. Kowe kudu ngijoli duit seket ewu”
            “Injih pak, kula tetep tanggung jawab. Kula tak mantuk rumiyin mendet arta.”
            Ahire Aji lan Fatih tarikan selawe ewu-selawe ewu kanggo ngijoli tukang some kang uwis ditabrak sewau. Sakwise kajadian kasebut Aji lan Fatih uwis ora wani nupak motor banter-banter.

Sumber

 Tukang Golek Kayu sing Ragu-ragu


Ana sawijining pemburu sing kasil manah menjangan gedhi ning alas, banjur menjangan digendong arep digawa mulih. Ndilalahe neng tengah ndalan dheweke weruh Gajah lemu sing lagi leyeh-leyeh ning ngisor wit gori. Pemburu ngetokke tombak banjur ngincengGajah lemu kuwi.  Ananging  sakdurunge tombak dioncalake, Gajahe tangi,  marani Pemburu terus nggubet awake pemburu nanggo tlalene. (Majda Yulianingrum)

Si Pemburu  diangkat banjur dioncalake sak kayange ngantek keceblung jurang. Nanging sakdurunge kontal, tombake pemburu sempat ditancepke ning jantunge Gajah.  Si Pemburu mati kejegur njurang,  nanging Si Gajah uga mati amarga jantunge kena tombake Pemburu.

Ora sakwetara suwe ana tukang golek kayu, jenenge Prendis sing mara ndana arep negor wit gori. Weruh ana bangke Menjangan lan Gajah dheweke dadi gumun. Wasan mikir-mikir dheweke ngira menawa Gajah lan Menjangan mesthi wae bar kerengan terus loro-lorone mati. Prendis pengen nggawa bali sungune Menjangan lan gadinge Gajah. Nanging dheweke ora kuwat  nggawa loro-lorone. Kudu milih salah siji.  


Saiki Prendis bingung arep milih sing endi.  Sungu Menjangan apik banget yen dadi pajangan ning ngomah, nanging gading Gajah payu larang yen di dol ning kutho. Mengko nek nduwe duwit dheweke iso kelakon ngajak kanca-kancane sakdesa ngiras ning Bakso Bangjo, kidul Pasar Bantul. Wis suwe dheweke nduwe kepinginan jajan bakso malang sing komplet jenis baksone lan mantep rasane. Mbiyen wis tau ditraktir Pakdhene nang kono, saiki Prendis wis kangen banget pengen mangan meneh. Mengko mulihe dheweke iso tuku sarung lan klambi anyar ning Toko Ijo Pasar Bantul.
 duniashinichi.blogspot.com
Dasar Prendis, dheweke ketungkul wira-wiri ndelok menjangan, bar kuwi marani Gajah. Bingung nimbang-nimbang endi sing luwih nguntungake menawa digawa bali. Saking bingunge dheweke wira-wiri kawit awan nganti sore ora iso mutuske. Penyebape amarga Prendis rumangsa abot kelangan salah sijine. Owel lega lila ngeculke salah siji. Majda Yulianingrum


Wayah lingsir wengi dumadakan ana suara Macan sero banget. Ayake Macan wis tangi turu terus ngambu ana daging sing siap dipangan. Prendis wedi banget krungu suara macan, banjur mlayu njrantal ninggalake gading gajah lan sungu menjangan.  Cita-citane arep njajakke kanca-kancane ning Bakso Bangjo kidul Pasar Bantul lan tuku klambi ning Toko Ijo ora sido kelakon amarga ketungkul ragu-ragu (Undil-2012)

Sumber
Swarga Impen


contoh Cerita Cekak (Cerkak) dan Unsur instrinsikLukisan Taj Mahal sing wis takwiwiti dhek Minggu kepungkur durung wae rampung. Embuh iki,aku lagi kena lara aras-arasen. Saben dina gaweyanku mung nongkrong, turu, karo ndeleng tivi.
Pas wayah sore, pas lagi wae rada sregep, nyandhak kanvas, e... neng tivi ana gambar omah apik-apik ngono kuwi, acara Rumah Idaman. Yen mripatku  nyawang sing apik-apik ngono kuwi, lali karo gawean. Opo maneh aku ndeleng tivi ing njero omahku iki.
“Omah kok apike ora ilok kaya ngono kuwi, sing manggon apa ya manungsa?” grenengku. Lha piye, sing kaya ngono kuwi aku durung tau weruh kok!
Omahe Gedhe-gedhe, apik lan katon kerlap. Ruwang tamune kaya panggonane presiden nampa tamu negara. Tenan! Kamar paturonane, jembar ngluwihi omahku sapekarangan. Lha piye, ing jero kamar ana meja kursi lengkap, kamar mandi. Niku durungkolam renange, banyune biru katon kinclong-kinclong.
“Kuwi omahe sapa Mas Gondo?” pitakone Tanto bocah cilik tanggaku. Merga anggonku nyawang tivi, aku nganti ora weruh yen ana bocah melu-melu nyawang gambar omah apik mau.
“Kuwi dudu omah, kuwi swarga,” wangsulanku karo ngulu idu.
“Ana ngendi manggone?” sajake Tanto durung ngerti karo wangsulanku.
“Embuh, wong aku durung tau mrana!”
“Aku pengin mrana, Mas Gondo!”
“Lha wong swarga kuwi panggonane wong-wong sing wis mati, sing ora duwe dosa!” aku njur nerangke. Tanto mung plonga-plongo ngrungokake wangsulanku, embuh dheweke ngerti opo ora.
Gara-gara ndeleng acara Rumah Idaman, lukisan Taj Mahal tansah durung rampung, saben aku nyawang fotone Taj Mahal kanggo model lukisanku angenku tekan ngendi-endi. Taj Mahal endah banget, kaya swarga.
Nalika bocah cilik Tanto teka maneh arep melu ndeleng tivi, dumadakan aku nemu ide.
“Tan, dolan wae yuk!” pangajakku.
“Nyang ngendi, Mas? Ancol” bocah cilik kuwi seneng.
“Huuu... Ancol kurang sip, panas-panas ngene!”
“Lha nyang ngendi lho?”
“Nyang puncak wae, yuk! Neng kana kuwi kepenak banget, hawane adhem, kaya neng swarrga.”
Tanto seneng banget, dheweke mlayu mulih. Aku dewe salin kaos thok. Ora suwe aku lan Tanto wis melu dheseg-dhesegan dhempet-dhempetan karo mobil gilap ing ndalan kutha Jakarta.
Tanto takon wae, apa puncak isih adoh. Aku kudu ngguyu, jeneh tekan saka Kebon Jeruk wae durung. Ya kaya ngene iki yen kepingin weruh swarga, kudu kangelan dhisik. Kudu sabar nunggu giliran liwat. Kok ana wae wong sing numpak mobil. Marahi ndalan kebak wae!
“Mas Gondo, apa swarga kuwi apik tenan?” pitakone Tanto mbuyarake esemku.
“Ya mesthi wae, ora ana tandhinganelah!” wangsulanku.
“Wong apik, yen mati mesthi menyang swarga?” Tanto takon maneh.
“Iya!” jawabku mantep.
“Kepingin apa wae klakon?”
“Iya!”
“Pingin mangan enak terus, klakon?”
“Mesthi!”
“Manggon nang omah apik kaya ning tivi kae bisa?”
“Wis ta, pokoke ora ana tandhingane. Neng kana kuwi sembarang wis cumepak, butuh apa wae ana. Ora usah kangelan. Ora ana wong mlarat, ora ana wong kere!”
Mbok menawa dheweke mbayangake saumpama ana swarga, ndahneya senenge. Karo mesam-mesem, Tanto wiwit ngantuk, merem.
Puncak isih adoh. Dalane isih rame, ngarep macet maneh. Kebangeten, saben dina kok macet wae. Ngarepku ana mobil BMW sing sopire metu, nesu-nesu karo nuding-nuding sopir liya sing sajake nyenggol bodi BMW-ne sing mulus. Kapokmu kapan, batinku. Mobil apik kok dipek dhewe.
Sopir BMW isih nesu karo nuding-nuding. Aku isih fokus nyawang nang jalane nalika dumadakan ana cahya kumilat disusul swara gumlegar lan sopir sing nesu-nesu mencelat, geni ing ngendi-endi. Aku isih kelingan sakdurunge mobil sing taksetiri katut kedilat geni. Bom.
Aku ora mikir apa-apa kajaba mung kahanane Tanto sing takrungkebi. Embuh piye. Aku ora wani melek. Anane mung rasa panas sing kliwat, lan aku ora duwe daya kanggo loncat.
“Mas Gondo, apa iki wis teka?”
“Durung,” wangsulanku alon.
“Mesthine iki rak dudu swarga? Jarene swarga endah banget?”
“Dudu, Tanto iki dudu swarga. Neng swarga ara ana wong sing nesu-nesu, tukaran, ora ana bom!” Saka dhasare atiku, kanthi tulus aku ndonga supaya Tanto nemokake swarga sing semesthine, swarga sing diimpekake. Banjur peteng ndhedhet, ora ana swara. 

Tiba Menyang Kali





Dina iku,dina senin .Srengenge wis mulai sumunar madangi cakrawala sing maune peteng ndedet. Ghodong-ghodong teles karo embun.Wit witan obah diembus angin esuk sing atis.Suasana sing maune peteng siki padhang lan katon seger.


Wayah iku,Fadel esih tengkurep ing kasure.Kemule morat-marit ora karuan.Bantale ana neng sikil.Neng sebelahe ana buku paket sing kebukak lebarane.Amarga pas mang mbengi Fadel sinau nggo ulangan dina kie.Nanging ndilalah bocahe keturon.Lha kepriwe ora keturon,wong sinaune bae sambil turuan.


Dok! Dok!Dok!Krungu swara dodhogan ing pintu kamare Fadel.


“Fadel ...!Ayo tangi ! Wis krainen kiye.Ko ora sholat subuh apa Le?” Ibune Fadel mbengok sambil ndodhog-ndodhog.


Fadel sing maune turu langsung kaget krungu suara mbengoke ibune.


“Astaghfirullah !Nyong krainen kiye!”jere Fadel sambil ndeleng jam.Dheweke banjur langsung neng mburi nggo wudlu,lan langsung sholat subuh.


Sarampunge sholat subuh Fadel banjur bali maning neng kamar nggo nyiapake buku nggo dina kiye.


“Lah . .. apes temen”,jare Fadel sarampunge nyiapake buku.”Sinaune bae mung separo.Duh ,ulangane jam pertama maning.Ya wis lah sinau maning bae. Inti-intine thok.”


Fadel banjur sinau maning.Nanging bocahe malah kelalen karo waktune.Sinaune kebablasen nanging dheweke ora nyadar nek wis waktune mangkat sekolah.


“Fadel cepetan madang! Wis adus durung?”Ibune Fadel mbengok sekang pawon.


Fadel banjur langsung ndeleng jam.


“Lailahaillallah” jare karo gupuh.”Bu,kula mboten nedha nggih.Kula adus mawon.”


“O . . . ora bisa.Pokoke ko ora olih mangkat nek ora sarapan.”jere ibune teges.


“Fadel manut.Dheweke ora sida adus,nanging langsung mangan.Mangane gupuh banget.


Sawise mangan Fadel cepet-cepet ganti klambi OSIS SMA-ne.Dheweke nggoleti sepatune. 


“Bu. .. ! sepatu kula ten pundi?”


“Sepatune ko wingi teles,kudanan pas dipepe.Wis nganggo sepatune Pras bae.”


Fadel banjur nganggo sepatune Pras,adhine sing madan keciliken.Dheweke terus manasna sepeda Hondane,lan pamit karo ibune.Dheweke banjur mangkat sekolah.


Ing tengah dalan,Fadel kemutan nek dina kie upacara.Dheweke kelalen nggawa topi.Dheweke banjur bali maning neng omah lan njikot topine,terus mangkat karo gupuh.


Ing tengah dalan ana kayu palang sing melintang,nggo mbatesi dalan sing nembe disemen.Saking gupuhe Fadel ora peduli,kayu palang kuwe ditabrak bae karo montore.Pas kuwi ana tanggane Fadel sing ndeleng kadadeyan kuwe.Si Fadel terus didelengi karo tanggane kasebut.nanging Fadel terus nyetir kanti gupuh.


Fadel banjur ketemu karo dalan sempit sing nanjak.Ana kali cilik ngalir ning ngisore wiwitan dalan sing arupa jembatan,terus dalan sing ngarepe kiwa-tengene suket-suketan lan semak belukar.Fadel nyetir mandan banter,ora patia nggatekna tanggul-tanggul ing dalan.


Ijig-ijig ana montor nggawa karung sing gede lan dawa banget sekang arah ngarep.Motore Fdel sing lagi nglewati tanggul ora sempet ngelak,lan kesenggol karung kuwe.


Fadel langsung ngguling ning arah kiwa.Awake terus ngguling-ngguling nganti akhire njegur neng kali.Kali kuwe aruse lagi deres,banjur Fadel langsung kegawa arus.


Wis telung dina wiwit kedadeyan iku.Fadel ngethap-ngethipaken matane.Sawise matane wis bisa ndeleng kanti jelas,dheweke bingung.Iki nang ndi ?Batine. Dheweke lagi turuan ing ndhuwur dipan kayu mungil.Ing kamar sing asing banget.


“Sampun wungu mas?”


Swara sing alus krungu neng sampinge. Fadel noleh. Ana bocah wadon ayu sing lungguh neng sisi dipan. Banjur, ana sawijining ibu-ibu mlebu nang kamar kuwe.


“Niki ten pundi?” jere Fadel.


“Ten griya kula. Panjenengan ditemokaken ten pinggir lepen dening warga mriki. Mas semaput sampun telung dinten. Alhamdulillah, sapunika sampun sadar,” jere ibu kuwe.


“Badan kula mboten punapa-punapa nggih, Bu?” Fadel takon.


“Mboten mas…mung kathah lebam-lebam kaliyan luka sethithik. Mboten usah kuatir. Ngapunten nggih mas, kita mboten ngasta panjenengan dhateng rumah sakit. Amargi luka-lukane mung sethithik. Biaya rumah sakit ugi larang…,”jere ibu kuwe.


“Nggih, mboten napa-napa Bu…,”jere Fadel.


“Niki sawijining keajaiban nggih Mas,”jere bocah wadon kuwe. “Mas katut kagawa arus banyu lepen, namung Alhamdulillah mas mboten napa-napa.”


“Matur nuwun…sanget nggih Bu, Mbak,” jere Fadel. “Menawi mboten wonten njenengan,kula mesthi tesih dereng saged mbukak mripat.”


Ibu lan putrane iku mung deleng-delengan karo mesem.


Sawetara iku, kaluwarga lan tangga-tanggane Fadel bingung nggoleti dheweke. Tim SAR uga esih nggolet Fadel, nanging mandan angel amarga ora ana saksi neng kadadeyan kuwe. Wong nggawa karung sing nyenggol Fadel malah kabur mbuh nang endi.


“Fadel…anakku,”ibune Fadel nangis-nangis kuatir. Wis rong dina iki ora turu.


Ing omah cilik nggon Fadel dirawat, Fadel lagi ngomong-ngomong karo ibu sing ngrawat dheweke lan putrane. Ibu iku jenenge Bu Fatimah, nek putrane jenenge Zahra. Zahra luwih enom setaun sekang Fadel.Fadel kelas 2 SMA, nek Zahra kelas 1.


Ijig-ijig pintu ngumah didodhog. Zahra mbukakna pintu. 


“Wah…Bapak sampun wangsul. Kesel nggih Pak?”takone Zahra karo nyalami tangane Bapake.


“Ya kesel Nduk. Wis telung dina bapak ora bali, nginep neng nggone Paklikmu, kanggo ngurusi barang-barang bekas,” jere bapake.


“Pak, ten griyanipun kita wonten tamu. Mangga Pak, tetepungan,” jere Zahra. Zahra banjur nggandeng bapake neng kamar nggone Fadel. 


“Niki bapak kula,”jere Zahra. 


“Sugeng siang Pak,nami kula Fadel.”


Bapake Zahra ndelengi Fadel. Rasane aku tau ndeleng kiye bocah, tapi neng endi ya? Batine.


“Sugeng siang.” Akhire bapake Zahra njawab. “Kula Pak Udin.”


“Mas Fadel niki dipuntemokaken ten pinggir lepen. Maka sawetaris wekdal manggen ten mriki,” Bu Fatimah crita.


Pak Udin mandan ndredheg. Dheweke kemutan, telung dina kepungkur dheweke ora sengaja nyenggol bocah SMA nganthi nyebur kali. Nanging dheweke malah kabur merga keweden. 


“Omahmu neng endi, Nak?” takon Pak Udin.


“Ten Griya Santa Pak,”wangsul Fadel.


“Kowe tibane neng kali ngendi?”


“Ten lepen ten Griya Santa.”


Pak Udin kaget banget. Jebule bocah sing wingi disenggol karo dheweke ditemokna lan dirawat neng omahe. Nanging, dheweke ijig-ijig ngrasa bersalah banget karo Fadel.


“Nak…”jere alon, banjur lungguh neng sisi dipane Fadel. Terus, Pak Udin mbungkuk.


“Nak…! Ngapunten sanget nggih !” 


Fadel, Zahra lan ibune bingung.


“Kagem napa Pak?” takon Fadel.


“Ngapunten…banget nggih Nak. Sabenere kula ingkang nyenggol panjenengan!”


Fadel, Zahra lan ibune kaget banget.


“Masya Allah Pak…sagedipun?” jere Bu Fatimah.


“Aku ora sengaja Bu. Lan merga keweden, aku langsung kabur. Aku ora tanggel jawab. Ngapunten sanget…”jere Bapak kuwe karo nangis.


Fadel luluh atine. Senajan Pak Udin ora tanggel jawab, bojo lan anake wis nulungi lan ngrawat dheweke tanpa pamrih. Tur maning, Pak Udin wis njaluk sepura. Awake uga ora papa, mung luka-luka sethithik. Fadel pancen bocah sing dawa ususe.


“Nggih Pak…mboten napa-napa,”jere Fadel akhire. “Kula ugi salah,kula ngebut.”


Pak Udi banjur ndekep bocah lanang kuwe. Dheweke bener-bener nyesel…nyesel banget. Dheweke ngrasa dadi wong sing pengecut. 


“Kula bakal ngrawat panjenengan nganthi bener-bener mari,” jere. “Kaliyan kula bakal njujugna panjenengan ten griya kaliyan kaluwarga panjenengan, Mas”


Kadadeyan iku dadi piwulang sing berharga banget ing uripe Fadel lan Pak Udin. Utamane, Pak Udin.


Sumber :