Monday, December 15, 2014

Dongeng Badranaya
Dening : Didit Setyo Nugroho
Nalika paraga waktu kuwi lair saka guwa garbaning bumi
Dadi trawaca bedane : kadewatan kaprasajan lan angkara murka “ celathuku
Ndongengake anakku
Semar wewujudane rakyat nalika katindhes bisa dadi bathara luwih kuwasa
Luwih eksekutif lan eksklusif tinimbang sapa wae
Aku nerusake critakukanthi rasa bombong
Dak gathekne mripat bocahku isih bening
Semar kuwi imbul, wewarah moral, pepeling kekuwatan kang ora rusak katrajang rodha zaman
Kang kadhempel sing dadi jagad cilike penguwasa sing nulak foedal
Aku mandheg
Anakku turu
Ing tangane nggegem boneka pokemin





                                           Rasa Risi Ora Ditiliki          
Dening : Hari Dwinarko
Rumangsa bisa kuwi mung ngisin-ngisini yen konangan
Amarga saben wewadi kawiyak polahe dhewe
Sangsaya ndadra tan dirasa ngambra-ambra kawirangan
Asah asih asuh ayo dha andum kang piguna mring sapepadha
Rereged kang ana ayo disirnakna
Isih ana lan tetep ana kang Murbeng Dumadi
Sisihna wektu kanggo wewening ing rasa karsa kang tumata
Irah-irahan kang ana ayo diupaya becik
Sunar surya katon cetha wela-wela
Unggah-ungguhing basa lan sopan santun wus meh kalis
Wato krungu suwara wus bakal kawentar adoh padha krungu
Eman temen yen durung ngerti sejatine ana perkara kang ngawara
Ora bakal bisa ngendhem suwara yen ora diprigeli kang nyata
Wewadine saben wong mesthi ana
Angger dha tumata ing gegayuhane dhewe-dhewe ya ora ana dredah
Dipadha sarujuk tumuju wohing pakarti edi
Idham-idhamane wong urip miguna
Titen-titenan yen sapa sira sapa ingsun ora langgeng
Isih ana sing durung katon temen
Leladi mring sesami kang tulus durung mesthi saben pribadi
Iki ora nlesih nanging mungguwing tata titi gati kang aji
Kadang sutrisna karengkuh merga ana apa upa
Kadarman rasa kang ana uga bisa njalari mulya
Isen-isening ndonya wus maneka warna, mula ayo dha padha mekak jiwa
Gebyaring ndonya ayo di edi peni
Ugemana jatidhiri bangsa kang piniji
Aja njur kepenakke dhewe-dhewe

Sumber : Panjebar Semangat Edisi September 2014







1 comment: