Asal-usul Desa Ranca Gantung
Ranca
Gantung kuwe dasare desa sing ana blumbang amba istilahe balong terus diarani
ranca. Sebab nang desa ana rancane dadi diarani Ranca Gantung soale nggantungna
desa, terus akeh iwake, duwe pangon jenenge Kaji penyarang. Sing ngembara
maring ngonoh golet iwak, dheweke ilang dadi menungsa dadi pangone iwak dadi
barang kalusan. Manggone nang Ranca sing menyebari sebulak Tegal Bombak,
ngumbar suara sapa-sapa sing ngarah iwak tanpa pamit tanpa tumpeng ora bakal
ulih lan dadi pangone utawa dadi tumbale, ranca kuwe tekan sperene ora tau sat.
Jarene keluargane Kaji penyarang pindhah sekang desa Penyarang lunga melu golet
iwak nang ranca kuwe nggoleti ilange Kaji penyarang mau. Kaji penyarang tukang
golet iwak kanggo mumpuni ekonomi keluargane. Nggawa sangu godhong klandingan
lan godhong kuwe terus bisa dadi iwak
akeh banget, dheweke golet iwak dina jemuah kliwon lan ora nggawa sajen jenenge
bae Kaji ya ora ngenal sajen, ndilalah ora ulih-ulih wong kanan-kanane dina
jemuah kuwe kanggo ngaso. Lah dheweke tetep golet iwak bae banjur dheweke terus
musnah ilang. Kaji penyarang ngibat-ngibati sapa sing ngembari aku dadi kaji
umure ora bakal suwe lan mesthi matine kendat. Pokoke nek ngarah iwak nang
ranca kuwe larangane jemuah kliwon. Jarene nek golet iwak ana ing rawa kono
kudu nggawa sajen ya kuwe bakaran budhin karemane Kaji penyarang. Kaki Karjo
golet iwak ana ing rawa kono, dheweke ulih iwak akeh banget.
Mbarang dheweke arep bali Kaji penyarang mau
ngeton lan takon maring dheweke mengkene kandhane, “Sapa kowe? Kowe golet iwak
seno akehe arep kanggo apa?”. Kaki Karjo mandhan kaget terus mbales takon, “Lha
kowe sapa wani-wanine takon aku? Aku golet iwak
ya arep tak dol”. Kaji penyarang takon maneh kowe wani-wanine golet iwak
akeh kaya kuwe arep didol, apa kowe gelem nuruti syarate kanggo aku?”. Kaki
Karjo ora mudeng maring omongane Kaji penyarang, mbales takon “ maksude syarat
kepriwe aku ulih adol iwak kiye?”Kaji penyarang ngomong mengkene “ ya ngonoh kowe
ngarah iwak seno akehe terus didol tapi kowe kudu nyetujuni anakmu ngemben dadi
pangonku alias dadi muridku ana ing rawa kene”. Kaki Karjo ora mikir dawa
dheweke langsung nyetujuni syarate Kaji penyarang.
Kaki Sikin anake Kaki Karjo ndilalah sing ora
tau sawah blas, ijig-ijig kerja sawahe tanggane sing sawah kuwe perek karo rawa
panggonane Kaji penyarang, ora let suwe dheweke tembe bae tekan sawah lagi
njegong karo udud terus dadi patine nangkono. Pokeke saben wong sing ngarah
iwak nangkono ora tembung lan ora nggawa sajen karemane Kaji penyarang ora
bakal ulih iwak. Ana contone wong Bangunreja nggolet iwak nang rawa pacor sikil
pereke ranca kana dina jemuah kliwon lan dheweke ora nggawa sajen bakaran budhin
karemane Kaji penyarang ora ulih-ulih, malah kanan-kanane senare diseret
nanging sing nyeret ora keton, bali tekan umah malah dadi patine.
Ana
bocah cilik-cilik nganthi weruh balike Kaji penyarang, kanan-kanane ana mobil
nabrak pithik, pithike mati nanging mobile ora ana, kuwe tandane kajine bali
menyang ranca. Nek ana wong sawah nganthi tekan maghrib wis mesthi kon bali
Kaji penyarang mau ngeton nyamar nganggo tudung conthok. Barang wong sing nang
sawah wis bali dheweke ngilang. Bisane
diarani desa Ranca Gantung kuwe ya merga saben taune ana korban sing mati lan
matine kuwe mesthi gantung diri alias kendhat akeh-akehe pancen wong wedon sing
dadi korbane.
No comments:
Post a Comment