Thursday, November 27, 2014

Mittos Pantangan Nikah

Mittos Pantangan Nikah
Desa Bangunreja menika kelurahan ingkang wonten kecamatan Kedungreja,  kabupaten Cilacap,  propinsi Jawa Tengah. Ing desa Bangunreja menika wonten mittos pantangan anak pambarep nikah karo anak selen, anak selen menika anak sing wong tuwane wis  ora jangkep. Yaiku misale anak duga utawi randha. Jerene nek tetep dilakoni bakal ana kedadeyan sing ora apik, yaiku besan sing tesih jangkep bakal mati salah siji ngimbangi besan sing selen mau. Wong-wong ing desa Bangunreja mau percaya banget karo mittos kui, nek nganti ana sing wani nglakoni nikahna anak pambarep karo anak selen mau bakal dadi omongan wong sedusun. Amargi dadi omongan kui tenan bisa kedadeyan sing ora apik. Sing jenenge mittos kui ya ora mesthi bener, jarang benere pancen. Tapi sing jenenge wong desa wong sing tasih kolot ya percaya wae karo omongan para leluhur jaman biyen.
Kandane para mbah buyut pancen angel dibantah, biyen-biyene wis ana aturan kaya ngana ya gari manut wae. Nek sing manut aturan mbah buyut mau jerene ya bakal urip penak, slamet selawase urip. Sing jenenge nikah kui kanggo selawase urip mulane ya diitung sekabehane , nganti tekan anane weton saka bocah lanang lan wedok. Aja nganti nglakoni pantangan mau, sing dijaluk mending nikahna  anak pambarep karo ana wuragil nanging sing tasih jangkep wong tuwane. Jerene mbah buyut nek jodohan apik itungane bakal kepenak segalane, rezeki, umur lan liyan-liyane bakal slamet. Diomong apik amargi ana jenenge ing budaya jawa babagan nikahan yaiku tumplek ponjen.
Ing desa Bangunreja ora mung ana  mittos kui mau tok. Ana maneh mittos nikahan sing dipantang yaiku masalah papan panggonane tegese umahe antarane besan saka anak lanang karo besan saka anak wedok. Jerene mbah buyut nek wong besanan karo tangga teparo sing umahe adhep-edhepan utawa menges kaya manah, ana istilah liyane ya kui kaya gotong gili, gotong sawah,gotong karangan,gotong kliwon uga ora olih kanggo besanan amargi ya ana pantangane. Pantangan kui jerene bakal ana sing kalah, tegese kalah kui bisa ana sing mati saka besan lanang utawa wedok, bisa uga saka bocah sing dinikahna mau. Sing diarani adhep-adhepan kui ya omah besan karo besan jebles adhep-adhepan, misale sing siji madhep ngetan sing siji madhep ngulon sing dialangi gili dadi ora sepanggonan nanging beda karangane. Sing diarani menges utawa manah kui omah besan  karo besan panggonane menges kaya manah kui ya tetep beda karangane, sing jenenge gotong karangan kui adhep-adhepan nanging kaling-kalingan karangan  suwung, nanging panggonan umah mau tetep adhep-adhepan , sing diarani  gotong sawah kui tegese besan karo besan duwe sawah sing panggonane adhep-adhepan sing beda kothakane, sing diarani gotong kliwon kui bocah lanang karo bocah wedok sing arep dinikahna rangkep wetone bocah mau wage karo manis dadi ngapit kliwon.

Ana maneh pantangan liyane sing dadi mittos uga yaiku nikahna bocah sing wetone jemuah karo setu, jerene ya bakal ana sing mati dudu wong tuwane nanging salah siji bocah sing dinikahna mau. Liyane ya kui pantangan besanan dadung kepuntir tegese yaiku misale sepranak besanan loro sing pertama ulih anake besan sing enom, terus sing keloro ulih anake kang mas utawa mbakyu besan sing pertama dadi tegese sing tuwa ulih anake sing enom, sing enom ulih anake sing tuwa. Amargi kewolak-walik dipercaya bakal ana kedadeyan sing ora apik yaiku bakal dipuntir gulune, mbuh antarane besan utawa bocah sing dinikhna mau.

No comments:

Post a Comment