Friday, December 12, 2014

Analisis Fungsi Pelaku Cerita Rakyat

Cerita Versi IV
Asal-usul Desa Ranca Gantung
Ranca Gantung kuwe dasare desa sing ana blumbang amba, istilahe balong. Kuwe diarani ranca, wong ana desa dadi nggantungna desa, kuwe balong sing ora gelem sat, terus ya akeh iwake, mulane ditembung ranca. Lhah sewise kuwe duwe pangon jenenge Kaji penyarang, maring ngonoh membar golet iwak nangkono, bareng wis mlebu ngonoh kuwe dheweke nan tembungan ilang dadi menungsa melu barang kalusan, manggone nang ranca nanging menyebari seluruh rawa tegal bombak. Ngumbar suara sapa-sapa sing ngarah iwak nng ranca kudu nggawa sajen karemane dheweke ya kuwe bakaran budhin,  nek ora nggawa sajen anake dadi pangone tegese dadi tumbale Kaji penyarang.
Ranca Gantung nganthi ana sing ngembari dadi kaji mesthi mati, tekan seprene tiap taune ana mawa korban sing mati ya matine kendhat. Kaji penyarang digawani sangu ya mbuh godhong apa, critane ya ulih iwak, dheweke ngarah iwak dina jemuah kliwon ndilalah ora ulih-ulih wong wangsite dina jemuah kliwon larangan kanggo golet iwak, ndilalah ilang nangkono. Kanan-kanane anak putune turunane Kaji penyarang golet iwak nangkono nggawa godhong klandingan.Wong Bangunreja mancing nang rawa pacor sikil urute ranca gantung kuwe dina jemuah kliwon ndilalah ora ulih-ulih, kanan-kanane senare diseret nanging langka iwake bali malah dadi patiine. Kaji penyarang anggone golet iwak nagnthi tekan rawa ana ing desa Ranca mau merga kanggo mumpuni kebutuhan keluwargane sing ora cukup nek namung golet ana ing daerahe dhewek.
Jarene saiki keluwargane Kaji penyarang melu pindhah ana ing desa Ranca Gantung. Kaki Karjo golet iwak ana ing rawa kono, dheweke ulih iwak akeh banget. Mbarang dheweke arep bali Kaji penyarang mau ngeton lan takon maring dheweke mengkene, “Sapa kowe ? Kowe golet iwak seno akehe arep kanggo apa?”. Kaki Karjo mandhan kaget terus mbales takon, “Lha kowe sapa wani-wanine takon aku ? Aku golet iwak ya arep tak dol, apa kowe gelem nuruti syarate kanggo aku?. Kaki Karjo ora mudeng maring omongane Kaji penyarang , mbales takon “ maksude syarat kepriwe aku ulih adol iwak kiye? “Kaji penyarang ngomong mengkene “ ya ngonoh kowe ngarah iwak seno akehe terus didol tapi kowe kudu nyetujuni Nkmu ngenben dadi pangonku alias dadi muridku ana ing rawa kene”.
Kaki Sikin anake Kaki Karjo ndilalah sing ora tau sawah blas, ijig-ijig kerja ana ning sawahe tanggane sing perek karo rawa panggonane Kaji penyarang, ora let suwe dheweke tembe bae tekan sawah lagi njegong karo udud terus dadi patine nengkono. Pokoke sapa bae wong sing ngarah iwak nangkono ora tembung lan ora nggawa sajen karemene Kaji penyarang ora bakal ulih iwak lan dadi patine.
Anane Ranca Gantung bisane ana ranca gantung ana Kaji penyarang sing tukang golet iwak, ngarah iwak ana ing rawa kanan-kanane ora ulih-ulih, nganthi dadi pangone iwak nang ranca kono. Nganthi bocah cilik-cilik weruh balike Kaji penyarang, “kae ana mobil, kae ana mobil”. Nabrak pithik, pithike mati nanging mobile langka. Lagi bali ngulon maring ranca.
Dadi nek ana wong nang sawah nganthi rep kon bali, nganggo tudung conthok, kae sing wis tau Wirkadar nanging siki Wirkadar wis mati, mbarang bali wong sing nang sawah dheweke ya terus bali ngulon marang ranca, ranca kuwe ora tau sat, kudune nek ngarah iwak kudu nembung,”mbah aku arep ngarah iwak kanggo lawuh “ ya diwai ya mesthi ulih nanging nek ora aweh sajen ya ora ulih. Nanging ya ana larangane dina jemuah kliwon ora ulih kanggo golet iwak, ndilalah Kaji penyarang golet iwak ana ing jemuah kliwon ora ulih malah musnah ana ing rawa kono. Golet iwak nggawa sangu godhong klandhingan, godhong kuwe dadi iwak, Ana wong Bangunreja golet iwak dina jemuah kliwon ana ing pacor sikil kanan-kanane serane disered nanging  langka iwake, bali tekan umah malah dadi patine.







Analisis Fungsi Pelaku Pada Versi IV

1.Seorang daripada ahli keluarga meninggalkan rumah
Difinisi:ketiadaan                                                                 
Lambang:b
Kutipan: :”Jarene keluwargane Kaji penyarang pada lunga sekang Penyarang pindhah maring desa Ranca Gantung.”
2.Satu larangan diucapkan pada wira
Definisi:larangan
Lambang:g
Kutipan”. :”Wangsite dina jemuah kliwon kudune kanggo ngaso malah Kaji penyarang golet iwak terus dadi musnahe”.
3.Larangan dilanggar
Definisi:pelanggaran
Lambang:d
Kutipan:”Kaji penyarang ulih golet iwak dina jemuah kliwon mulane ora ulih-ulih malah dadi patine”.
4.Penjarah membuat percubaan untuk meninjau
Definisi:tinjauan
Lambang:e
Kutipan:”Wong Bangunreja golet iwak pas dina jemuah kliwon nang pacor sikil mancing, kanan-kanane pancinge diseret tapi ora keton mbarang bali terus dadi patine”.
5.Penajarah menerima maklumat tentang mangsanya
Definisi:penyampaian
Lambang:z
Kutipan:0
6.Penjarah mencoba memperdaya mangsanya dengan tujuan untuk memilikinya atau memiliki kepunyaanya
Definisi:muslihat
Lambang:ŋ
Kutipan:”Kaki Karjo nentang Kaji penyarang golet iwak kanggo penghasilan padha-padha ana ing Ranca Gantung”
7.Mangsa terpedaya dan dengan demikian tanpa pengetahuannya membantu musuhnya
Definisi:muslihat
Lambang:Ɵ
Kutipan:”Kaji penyarang aweh idin maring Kaki Karjo menawi iwak sing wis padha kena kanggo didol, lan aweh syarat anake kudu dadi pangone alias dadi murid utawa tumbal kanggo dheweke”.
8.Penjarah menyebabkan kesusahan atau kecederaan kepada seorang ahli didalam sebuah keluarga
Definisi:kejahtan
Lambang:A
Kutipan:”Kaki Karjo melu golet iwak ana ing Ranca Gantumg kanggo nyaingi Kaji penyarang”.
9.Seorang ahli keluarga sama ada kekurangan sesuatu atau ingin memilki
Definisi:kekurangan
Lambang:a
Kutipan:”Kanggo nyukupi keluwargane Kaji penyarang golet iwak nganthi tekan Ranca Gantung  lan dheweke ilang ana ranca kana’.
10.Kecelakaan atau kekurangan dimaklumatkan, Wira diminta atau diperintah, ia dibenarkan pergi atau ia diutuskan
Definisi:perantara peristiwa penghubung
Lambang:B
Kutipan:”Kanggo maremake ati Kaki Karjo nentang Kaji penyarang golet iwak kanggo penghasilan dudu kanggo lawuh keluwargane”.
11.Pencari bersetuju atau memutuskan untuk bertindak balas
Definisi:permulaan tindak balas
Lambang:C
Kutipan:”Kaki Karjo nyetujuni yen anake dadi pangone Kaji penyarang tegese dadi tumbale”.
12.Wira meninggalkan rumah
Definisi:pemergian
Lambang:↑
Kutipan:”Kanggo mumpuni keluwargane Kaji penyarang lunga golet iwak nganthi tekan ranca desa Ranca Gantung”.
13.Wira diuji, disoal diserang dan lain-lain yang menyediakan wira ke arah sama ada alat magis atau pembantu
Definisi:fungsi pertama donor
Lambang:D
Kutipan:”Kaji penyarang bisane golet iwak nganthi tekan desa Ranca Gantung sebabe kecingkrangan kebutuhan ekonomi keluwargane, dadi kanggo mumpuni keluwarga”.
14.Wira bertindak balas kepada tindakan-tindakan bakal pemberi
Definisi:reaksi wira
Lambang:E
Kutipan:”Kaji penyarang ndadekake anake Kaji Karjo dadi pangone utawa muride sing jenenge Sikin”.
15.Wira memperoleh agen sakti
Definisi:pembekalan atau penerimaan alat sakti
Lambang:F
Kutipan:”Kaji penyarang anggone golet iwak ana ing ranca mau nggawa godhong klandingan, lan godhong kuwe dadi iwak sing akeh”.
16.Wira dipindahkan, disampaikan atau dipandu ke tempat-tempat terdapatnya objek yang dicari
Definisi:perpindahan diantara ruang, diantara dua negeri, panduan
Lambang:G
Kutipan:”Kaji penyarang lunga golek iwak nganthi tekan ranca sing ana desa Ranca Gantung kanggo mumpuni keluwargane”.
17.Wira dan penjarah terlibat didalam pertarungan
Definisi:pergelutan
Lambang:H
Kutipan:0
18.Wira ditandai
Definisi:penandaan
Lambang:J
Kuitpan:”Sawise Kaji penyarang dadi pangone iwak ana ing ranca kana, dheweke duwe tanda ya kuwe nganggo tudung conthok nek dheweke ngeton ana ing sawah”.
19.Penjarah ditewaskan
Definisi:kemenangan
Lambang:I
Kutipan:”Kaji penyarang ilang wektu dheweke golet iwak ana ing Ranca Gantung mau”.
20.Kecelakaan atau kekurangan awal diatasi
Lambang:K
Kutipan: :”Ndilalahe Kaji penyarang anggone golet iwak dina jemuah kliwon lan ora nggawa sajen tumpeng terus dheweke ilang ana ing ranca kono.”
21.Wira pulang
Definisi:kepulangan
Lambang:↓
Kutipan:”Akeh bocah cilik-cilik salah siji weruh baline Kaji penyarang, ana mobil nabrak pithik, pithike ya mati temenan tapi mobile ora keton. Ngulon lagi bali maring ranca”.
22.Wira dikejar
Definisi:pengejaran
Lambang:Pr
Kutipan:0
23.Wira diselamatkan
Definisi:penyelamatan
Lambang:Rs
Kutipan:0
24.Wira yang tidak dikenali, tiba ke negerinya atau ke negeri lain
Definisi:kepulangan tanpa dikenali
Lambang:O
Kutipan:”Kaki karjo takon maring Kaji penyarang sapa koe?, Kaji penyarang balik takon kowe sapa golet iwak akeh semono arep kanggo ngapa?. Kaki Karjo njawab arep tak dol, terus Kaji penyarang semaur ya ngonoh kowe golet iwak semono akehe kanggo didol nanging anakmu kudu dadi pangonku dadi muridku tegese kanggo tumbal. Kaki Karjo nyetujuni syarate Kaji penyarang”.
25.Wira palsu mempersembahkan tuntutan palsu
Definisi:tuntutan palsu
Lambang:L
Kutipan:”Nek arep mancing kudu tembung maring Kaji penyarang mesthi ulihe, diwai iwak kanggo lawuh, tapi nek njaluk kanggo didol ora bakal ulih
26.Suatu tugas yang dicanangkan kepada wira
Definisi:tugas berat
Lamabang:M
Kutipan:”Kanggo mumpuni keluwargane Kaji penyarang golet iwak nganthi tekan rawa desa Ranca Gantung”.
27.Tugas diselesaikan
Definisi:penyelesaian
Lambang:N
Kutipan:0
28.Wira dikenali
Definisi:pengecaman
Lambang:Q
Kutipan:”Angger ana wong kesoren tesih nang sawah nganthi rep utawa maghrib wis kon bali, Kaji penyarange ngeton nganggo tudung conthok, sing tau diprentah bali almarhum Wirkadar kon bali, ya bali nangkono maning ya kon bali, nanging nek wonge wis bali Kaji penyarange bali ngulon maring ranca”.
29.Wira palsu atau penjarah didedahkan
Definisi:pendedahan
Lambang:Ex
Kutipan:”Warga desa Ranca Gantung nek nganthi dadi kaji mesthi umure ora suwe sebabe ngembari Kaji penyarang mau”.
30.Wira diberi rupa baru
Definisi:penjelmaan
Lambang:T
Kutipan:”Kaji penyarang nek ngeton nganggo tudung conthok”.
31.Penjarah palsu dihukum
Definisi:hukuman
Lambang:U
Kutipan:”Saben warga desa Ranca Gantung lunga haji mesthi umure ora suwe sebabe ngembari kaji penyarang dadi ukumane umure ora suwe ana desa kana”.
32.Wira berkahwin dan menaiki takhta
Definisi:perkawinan
Definisi:perkawinan
Lambang:W

Kutipan:0            

No comments:

Post a Comment