Taman
Geguritan 2
Angele Dadi Satriya
Dening
: Toro Kaes
Jare satriya kuwi ...
Ora wedi kelangan sandhangan
Sabab sandhangane satriya mung iman
Jare satriya kuwi ora lumuh
Amarga satriya kudu kuwat
Apa iya satriya kuwi
kudu mangkono?
Kok ya angel lakune dadi satriya
Najan iman wis kandel
Kelangan sandhangan isih isin
Merga katon wadine
Najan dikuwat-kuwatake
Ing samubarang gawe
Isih wae nglokro
Merga kere
Satriya apa kudu sugih bandha?
Ya mesthine merga bisa pamer mrana-mrene
Satriya apa kudu putra pajabat?
Ya mesthine merga jare kuwat
... kuwat anggone nindhes rakyat?
Kuwung Kang Suwung
Dening : Ana Septianingrum
Udan riwis-riwis esuk iki
Ndadekake rasa adhem sajroning ati
Ing bagaskara katon ana kuwung
Kuwung nanging suwung
Sing tak sawang saiki
Kuwung ing netramu
Dadu kuwung ing bagaskara kae
Ana sing beda ing netramu
Nanging aku ora ngerti
Senajan ora ngerti
Aku bisa ngrasakake
Ana kuwung ing netramu
Kuwung kang uga suwung
Apa ora kok rasa apa sing tak rasa
Apa ora kok sawang apa sing dadi panyawangku
Apa sing tak rasa lan tak sawang
Dudu mung prekara kuwi
Nanging,
Apa sing kok rasa
Apa sing kok sawang
Uga apa sing kokarepake
Sumber : Panjebar Semangat Edisi September 2014
No comments:
Post a Comment