1.
PUCUNG
Urip iku isine dosa lan luput
Nalika ngibadhah
Sholat lan ngaji ing masjid
Nyuwun pangapura mugi mlebet
swarga
2.
DURMA
Yuk kanca padha sinau
bebarengan
Ngangsu kawruh permathi
Korban ati raga
Ing jiwa kang sasmita
Aja nganti wedi ajrih
Iku sadaya
Supaya ditandhangi
3.
KINANTHI
Sliramu sampun tak tunggu
Wong gantheng sing tak tresnani
Malah lunga menyang cina
Banjur malah mung ngapusi
Tresanaku saiki ilang
Sliramu tega nglarani
4.
ASMARANDANA
Lumrah tumrap wong kang urip
Rekasane ngupa boga
Wragad kapetung sepele
Lan kabutuhan wus mulya
Tanpa golet makarya
Donya iki pancen makmur
Yen padha eling-elinga
5.
GAMBUH
Ana wong uwis sepuh
Duwe anak loro tan si kakung
Lanang lan wadon dasar gemi
nastiti
Pegaweyan kasar alus
Ora dadi opo-opo
6.
MIJIL
Yuk kanca padha elinga becik
Tindhak andhap asor
Kanggo njogo tindhak ing lakune
Marang manungsa budhi pekerti
Amargo sayekti
Supaya ditiru
7.
PANGKUR
Mapan wataking manungsa
Mugi tan panjaluk lawan prayogi
Aja nganti pasang surut
Uga sadina-dina
Sinambi kalane wektu iku
nganggur
Tumrap ati jiwa raga
Ing badan pribadi iki
8.
SINOM
Dhuh sliramu pancen gagah
Aja gawe lara ati
Gawe seneng ati bungah
Pramila sliramu siji
Lakumu kang sejati
Tan janjimu aja palsu
Aja nganti cecidra
Marang ingkang ditresnani
Tanda tresnamu iku pancen
setiya
9.
MEGATRUH
Dhuh Gusti Allahku ingkang Maha
Agung
Mugi paringa aksami
Pitutur becik lan luhur
Jroning awak uga ati
Iku tan panyuwun kulo
10. DHANDANGGULA
Lewih becik ngibadhah ing
masjid
Ngibadhah iku tumrap agama
Agama islam mekare
Sinambi golet ilmu
Mireng pitutur sang Kiyai
Lan lakoni kang guna
Laku kang mituhu
Kanggo sangu mring akherat
Mula wajib ngibadhah sholat lan
ngaji
Iku dadi utama
11.
MASKUMAMBANG
Dhuh anak mas sira wajib
angurmati
Marang ibu rama
Aja pisan kumawani
Elinga mring kautaman
No comments:
Post a Comment