Monday, December 15, 2014

PARAMASASTRA

2). Pamilahe Tembung
Jinise tembung jawa ana 2, yaiku:
1.      Tembung Lingga, yaiku tembung sing durung owah saka asale
Tuladha :
-          Bak, tas, wit, lsp ( 1. Wanda; tembung wood )
-          Pasar, jamu, malyu, tahu, lsp ( 2. Wanda )
-          Parikan, gapura, dhagelan, lsp ( 3. Wanda )
2.      Tembung Andhahan ( kata jadian)
Yaiku tembung sing wis owah saka asale
Contone :
-          Nyapu
-          Pitutur
-          Dalane
-          Jupukna
Tembung Andhahan:
-          Tembung Lingga oleh : ater-ater ( awalan )
-          Tembung Lingga oleh : panambang ( akhiran )
-          Tembung Lingga oleh : seselan ( sisipan )
-          Tembung Rangkep : ( kata ulang )
-          Tembung camboran : ( kata majemik )
1.      Ater-ater
·         Ater-ater : a (ma)
a + kudhung = akudhung
a + tembnag = anembang
a + karya = akarya = makarya
·         Ater-ater : ka
ka + tendhang = katendhang
ka + silih = kasilih
ka + tabrak = katabrak
·         Ater-ater : dak, ko, di
dak + tuku = daktuku
ko + tuku = kotuku
di + tuku = dituku
dak + silih = daksilih
ko + silih = kosilih
 di + silih = disilih
·         Ater-ater : n, ny, ng, m
n + tabuh = nabuh
ny + sapu = nyapu
ng + ombe = ngombe
m + pundhut = mundhut
·         Ater-ater : sa, pa, pi, pra, pari, tar
sa + dina = sadina
pa + mudha = pamudha
pi + tutur = pitutur
pra + tama = pratama
pari + wara = pariwara
tar + kadhang = tarkadhang
·         Ater-ater : kuma, kami, kapi
kuma + wani = kumawi
kami + gila (n)= kamigilan
kapi + tuna (n ) = kapitunan
2.      Panambang
·         Panambang : ku, mu, e
Sepatu + ku = sepatuku
Sapatu + mu = sepatumu
Sepatu + e = sepatune
Radhio + e = radhione ( dudu radhioe )
Sega + e = segane ( dudu segae )
·         Panambang : an
Pangan + an = panganan
Turu + an  = turon ( dudu turuan )
Lali + an = lalen ( dudu lalian )
Paro + an = paro ( dudu paroan )
Gawa + an =gawan ( dudu gawaan )
·         Panambang : i
Suwek + i = suweki
Ombe + i = ombeni ( dudu ombei )
Tuku + i = tukoni ( dudu tukui )
Gawa + i = gawani ( dudu gawai )
·         Panamban : a, na, ana, en
Jupuk + a = jupuka
Jupuk + na = jupukna
Jupuk + ana = jupukana
Jupuk + en = jupuken
Sapu + a = (ny) sapu + a = nyapu
Sapu + na = sapokna ( dudu sapuna )
Sapu + ana = saponana ( dudu sapuana )
Sapu + en = sapunen ( dudu sapuen )
·         Panamban : ake
Tulis + ake = tulisake
Tuku + ake = tukukake ( dudu tukuake )
Tali + ake = talekake ( dudu taliake )
Gawa + ake = gawakake ( dudu gawaake )
Ombe + ake = ombekake ( dudu ombea )
Kanggo + ake = kanggokake ( dudu anggoake )
·         Panambang : ne, ing
Laku + ne = lakune
Bapak + ne = bapake = bapakne
Abang + ing = abanging
Jero + ing  = jeroning
Wujud + ing = wujuding
3.      Seselan
·          Sesela : in
Sigar + in  =  s + in + igar = sinigar
Tugel + in = t + in + ugel = tinugel
Tuku + in = t + in + uku = tinuku
Tubruk + in = t + in + ubruk = tinubruk
·          Seselan : um
Teka + um = t + um + eka = tumeka
Tindak + um = t + um + indak = tumindak
Sebar + um = s + um + ebar = sumebar
·         Seselan : l, r
Tudhung + l = t + l + udhung = tludhung
Siwer + l = s + l + iwer = sliwer
Centhel + r = c + r + enthel = crenthel
 Kelip + r = k + r + elip = krelip
4.      Tembung Rangkep
1.      Tembung rangkep dwilingga
·         Tembung dwilingga padha swara :
- mlaku-mlaku
- putih-putih
- buku-buku
-bocah-bocah
- bapak-bapak
- adik-adik
·          Tembung dwilingga salin swara :
- bola-bali
- gonta-ganti
- untag-unteg
- thingak-thinguk
- wira-wiri
- molak-malik
·         Tembung dwilingga semu :
- andheng-andheng
- ondhe-ondhe
- athi-athi
- undur-undur
·         Tembung rangkep dwipurwa :
- laku – lelaku
- tuku – tetuku
- mala – memala
- guyu – geguyu
·         Tembung rangkep dwiwasana :
- nyuwek –nyenyuwek
- busik – besisik
- cuwo – cuwowo
- bunyik - benyinyik



Sumber : Pepak Basa Jawa Enggal.Satriyo, S.Pd.Surakarta.Prima Karya


1 comment: