Monday, December 15, 2014

PARAMASASTRA

3). Tembung Tanggap Lan Tembung Tanduk
1. Tembung tanggap yaiku tembung mawa ater-ater tripurusa. Ater-ater tripurusa ana 3 macem,  yaiku : dak-, ko-, lan di-
Tuladha :
-          Dakjupuk = dak + jupuk
-          Kojupuk = ko + jupuk
-          Dijupuk = di + jupuk
2. Ater-ater tripurusa iku minangka sesulih ( gantine ) purasa :
- Ater-ater dak- minangka sesulihe purasa1 ( kata ganti orang pertama). Ater-ater dak- diarani uga ater-ater utama purasa
- Ater-ater ko- minangka sesulihe purasa 2 ( kata ganti orang kedua ). Ater-ater ko- uga diarani ater-ater madyana purasa
- Ater-ater di- minangka sesulihe purasa 3 ( kata ganti orang ketiga ). Ater-ater di- diarani uga ater-ater pratama purasa
3. Tembung tanduk ( kata aktif ) yaiku tembung kriya mawa ater-ater anuswara, apadene tembung kriya tanpa ater-ater
Tuladha :
-          Turu
-          Tuku
-          Gawe
-          Adus
-          Mlayu
-          Lunga
4. Ater-ater anuswara yaiku ater-ater swara irung, yaiku : m-, n-, ng-, ny-
Tuladha :
-          m- + pundhut = mundhut
-          n- + tata = nata
-          ng- + karang = ngarang
-          ny- + sapu = nyapu
5. Tembung tanggap i-kriya yaiku tembung kriya tanggap  ( kata kerja pasif ) mawa panambang –i
Tuladha :
-          dakaturi
-          kogoleki
-          disirami
6. Tembung tanggap ke-kriya yaiku tembung kriya tanggap ( kata kerja pasif ) mawa panambang –ake
Tuladha :
-          dakwenehake
-          kobalekake
-          disilihake
7. Tembung tanduk i-kriya yaiku tembung kriya tanduk ( kata kerja aktif ) mawa panambang –i
Tuladha :
-          nyirami
-          makani
-          nanduri
8. Tembung tanduk ke-kriya yaiku tembung kriya tanduk ( kata kerja aktif ) mawa panambnag –ake
Tuladha :
-          nyilihake
-          ngeterake
-          ngelengake

Sumber : Pepak Basa Jawa Enggal. Satriyo, S.Pd.Surakarta.Prima Karya

PARAMASASTRA

2). Pamilahe Tembung
Jinise tembung jawa ana 2, yaiku:
1.      Tembung Lingga, yaiku tembung sing durung owah saka asale
Tuladha :
-          Bak, tas, wit, lsp ( 1. Wanda; tembung wood )
-          Pasar, jamu, malyu, tahu, lsp ( 2. Wanda )
-          Parikan, gapura, dhagelan, lsp ( 3. Wanda )
2.      Tembung Andhahan ( kata jadian)
Yaiku tembung sing wis owah saka asale
Contone :
-          Nyapu
-          Pitutur
-          Dalane
-          Jupukna
Tembung Andhahan:
-          Tembung Lingga oleh : ater-ater ( awalan )
-          Tembung Lingga oleh : panambang ( akhiran )
-          Tembung Lingga oleh : seselan ( sisipan )
-          Tembung Rangkep : ( kata ulang )
-          Tembung camboran : ( kata majemik )
1.      Ater-ater
·         Ater-ater : a (ma)
a + kudhung = akudhung
a + tembnag = anembang
a + karya = akarya = makarya
·         Ater-ater : ka
ka + tendhang = katendhang
ka + silih = kasilih
ka + tabrak = katabrak
·         Ater-ater : dak, ko, di
dak + tuku = daktuku
ko + tuku = kotuku
di + tuku = dituku
dak + silih = daksilih
ko + silih = kosilih
 di + silih = disilih
·         Ater-ater : n, ny, ng, m
n + tabuh = nabuh
ny + sapu = nyapu
ng + ombe = ngombe
m + pundhut = mundhut
·         Ater-ater : sa, pa, pi, pra, pari, tar
sa + dina = sadina
pa + mudha = pamudha
pi + tutur = pitutur
pra + tama = pratama
pari + wara = pariwara
tar + kadhang = tarkadhang
·         Ater-ater : kuma, kami, kapi
kuma + wani = kumawi
kami + gila (n)= kamigilan
kapi + tuna (n ) = kapitunan
2.      Panambang
·         Panambang : ku, mu, e
Sepatu + ku = sepatuku
Sapatu + mu = sepatumu
Sepatu + e = sepatune
Radhio + e = radhione ( dudu radhioe )
Sega + e = segane ( dudu segae )
·         Panambang : an
Pangan + an = panganan
Turu + an  = turon ( dudu turuan )
Lali + an = lalen ( dudu lalian )
Paro + an = paro ( dudu paroan )
Gawa + an =gawan ( dudu gawaan )
·         Panambang : i
Suwek + i = suweki
Ombe + i = ombeni ( dudu ombei )
Tuku + i = tukoni ( dudu tukui )
Gawa + i = gawani ( dudu gawai )
·         Panamban : a, na, ana, en
Jupuk + a = jupuka
Jupuk + na = jupukna
Jupuk + ana = jupukana
Jupuk + en = jupuken
Sapu + a = (ny) sapu + a = nyapu
Sapu + na = sapokna ( dudu sapuna )
Sapu + ana = saponana ( dudu sapuana )
Sapu + en = sapunen ( dudu sapuen )
·         Panamban : ake
Tulis + ake = tulisake
Tuku + ake = tukukake ( dudu tukuake )
Tali + ake = talekake ( dudu taliake )
Gawa + ake = gawakake ( dudu gawaake )
Ombe + ake = ombekake ( dudu ombea )
Kanggo + ake = kanggokake ( dudu anggoake )
·         Panambang : ne, ing
Laku + ne = lakune
Bapak + ne = bapake = bapakne
Abang + ing = abanging
Jero + ing  = jeroning
Wujud + ing = wujuding
3.      Seselan
·          Sesela : in
Sigar + in  =  s + in + igar = sinigar
Tugel + in = t + in + ugel = tinugel
Tuku + in = t + in + uku = tinuku
Tubruk + in = t + in + ubruk = tinubruk
·          Seselan : um
Teka + um = t + um + eka = tumeka
Tindak + um = t + um + indak = tumindak
Sebar + um = s + um + ebar = sumebar
·         Seselan : l, r
Tudhung + l = t + l + udhung = tludhung
Siwer + l = s + l + iwer = sliwer
Centhel + r = c + r + enthel = crenthel
 Kelip + r = k + r + elip = krelip
4.      Tembung Rangkep
1.      Tembung rangkep dwilingga
·         Tembung dwilingga padha swara :
- mlaku-mlaku
- putih-putih
- buku-buku
-bocah-bocah
- bapak-bapak
- adik-adik
·          Tembung dwilingga salin swara :
- bola-bali
- gonta-ganti
- untag-unteg
- thingak-thinguk
- wira-wiri
- molak-malik
·         Tembung dwilingga semu :
- andheng-andheng
- ondhe-ondhe
- athi-athi
- undur-undur
·         Tembung rangkep dwipurwa :
- laku – lelaku
- tuku – tetuku
- mala – memala
- guyu – geguyu
·         Tembung rangkep dwiwasana :
- nyuwek –nyenyuwek
- busik – besisik
- cuwo – cuwowo
- bunyik - benyinyik



Sumber : Pepak Basa Jawa Enggal.Satriyo, S.Pd.Surakarta.Prima Karya


Dongeng Badranaya
Dening : Didit Setyo Nugroho
Nalika paraga waktu kuwi lair saka guwa garbaning bumi
Dadi trawaca bedane : kadewatan kaprasajan lan angkara murka “ celathuku
Ndongengake anakku
Semar wewujudane rakyat nalika katindhes bisa dadi bathara luwih kuwasa
Luwih eksekutif lan eksklusif tinimbang sapa wae
Aku nerusake critakukanthi rasa bombong
Dak gathekne mripat bocahku isih bening
Semar kuwi imbul, wewarah moral, pepeling kekuwatan kang ora rusak katrajang rodha zaman
Kang kadhempel sing dadi jagad cilike penguwasa sing nulak foedal
Aku mandheg
Anakku turu
Ing tangane nggegem boneka pokemin





                                           Rasa Risi Ora Ditiliki          
Dening : Hari Dwinarko
Rumangsa bisa kuwi mung ngisin-ngisini yen konangan
Amarga saben wewadi kawiyak polahe dhewe
Sangsaya ndadra tan dirasa ngambra-ambra kawirangan
Asah asih asuh ayo dha andum kang piguna mring sapepadha
Rereged kang ana ayo disirnakna
Isih ana lan tetep ana kang Murbeng Dumadi
Sisihna wektu kanggo wewening ing rasa karsa kang tumata
Irah-irahan kang ana ayo diupaya becik
Sunar surya katon cetha wela-wela
Unggah-ungguhing basa lan sopan santun wus meh kalis
Wato krungu suwara wus bakal kawentar adoh padha krungu
Eman temen yen durung ngerti sejatine ana perkara kang ngawara
Ora bakal bisa ngendhem suwara yen ora diprigeli kang nyata
Wewadine saben wong mesthi ana
Angger dha tumata ing gegayuhane dhewe-dhewe ya ora ana dredah
Dipadha sarujuk tumuju wohing pakarti edi
Idham-idhamane wong urip miguna
Titen-titenan yen sapa sira sapa ingsun ora langgeng
Isih ana sing durung katon temen
Leladi mring sesami kang tulus durung mesthi saben pribadi
Iki ora nlesih nanging mungguwing tata titi gati kang aji
Kadang sutrisna karengkuh merga ana apa upa
Kadarman rasa kang ana uga bisa njalari mulya
Isen-isening ndonya wus maneka warna, mula ayo dha padha mekak jiwa
Gebyaring ndonya ayo di edi peni
Ugemana jatidhiri bangsa kang piniji
Aja njur kepenakke dhewe-dhewe

Sumber : Panjebar Semangat Edisi September 2014







PARAMASASTRA

1). Tembung Lan Jinise
1.      Tembung Aran ( kata benda )
Contone :
-          Dokar
-          Sepedha
-          Radio
-          Meja
-          Lemari
-          Kursi,lsp
2.      Tembung Gnati (Kata Ganti )
Contone :
-          Aku
-          Kowe
-          Mu
-          Ku
-          Dheweke
-          Ibu,lsp
3.      Tembung Kriya ( Kata Kerja )
Contone :
-          Nembang
-          Mlayu
-          Tuku
-          Mangan
-          Maca
-          Nulis, lsp
4.      Tembung Wilangan (Kata Bilangan)
Contone :
-          Papat
-          Akeh
-          Sethithik
-          Enem
-          Pitu
-          Setengah, lsp
5.      Tembung Sipat ( Kata Sifat )
Contone :
-          Seneng
-          Apik
-          Susah
-          Bagus
-          Putih
-          Ayu, lsp
6.      Tembung Katrangan ( Kata Keterangan )
Contone :
-          Ndhuwur
-          Tengah
-          Ngisor
-          Kulon
-          Kene
-          Wetan, lsp
7.      Tembung Seru ( Kata Seru )
Contone :
-          Lho
-          Wah
-          Ah
-          Adhuh
-          Eh
-          Tulung, lsp
8.      Tembung Sandhangan ( Kata Sandang )
Contone :
-          Kyai
-          Sang
-          Raden
-          Hyang
-          Kangmas
-          Dhikmas, lsp
9.      Tembung Panyambung ( Kata Sambung )
Contone :
-          Sarta
-          Mulane
-          Lan
-          Wusana
-          Wondene
-          Amargi, lsp
10.  Tembung Pangarep ( Kata Depan )
Contone :
-          Ing
-          Menyang
-          Saka
-          Sing
Sumber : Pepak Basa Jawa Enggal. Satriyo, S.Pd.Surakarta.Prima Karya