Gegayuhanku
Dening Lasmiyati
“Nduk apa kowe isih duwe gegayuhan
nerusake kuliyah bibar lulus SMA sesuk ?” pitakon ibune Tuti sing
lagi nyirami tanduran ana ing pakarangan mburi omah. Tuti ana ing
kono mangsuli “Inggih bu, kula pancen gadhah pangarep-arep saged kuliyah
ing Universitas Negeri Semarang!”. Bu Salem terus wae neges mengkene “Universitas Negeri Semarang kae
sing ana ing kota Semarang kuwi sing dadi tujuanmu kanggo kuliyah ?”
Tuti lancar wae mangsuli pitakon ibune “Inggih bu leres, awit alit
kula sampun gadhah cita-cita kepengin dados panulis karya sastra mliginipun
sastra jawa. Mila kula kedah mundhut jurusan sastra jawa kanggo
nuwuhaken hobi kula ingkang remen nyerat niki”.
“Ya wis nek pancen kuwi cita-citamu bisa uliyah, mugi-mugi anggonmu
kuliyah bisa dadi kamulyan kanggo panguripan ing mbesuk emben.”
Bu Salem namung bisa sumaur mengkono lan mujikake anak wadone.
Saya suwe anggone ana ing pakarangan saya akeh tanduran
sing wis disiram. Nanging bu Salem kepengin nandur kembang
kamboja. Panjenenganipun ngundhang adhine Tuti sing jenenge Rama “ Ma...
Rama...ibu paculana lemah iki kanggo nandur kembang kamboja “. Bu Salem
duwe anak loro lanang wadon. Tuti dadi pembareb kudu bisa dadi tuladha
kanggo adhine. Rama sing ana ing njero omah krungu dhawuhe ibune, dheweke
gageyan mentu lan mangsuli “ Inggih bu sekedhap, madosi pacul rumiyin!”. Pacule ketemu dheweke terus macul lemah mau nganthi
kepentut. Ibune moni mengkene “Kowe bocah lanang macul ya kaya ngono
kuwi sing rosa nanging ya aja nganthi kepentut ta!”. Rama terus wae macul ora nggagas omongane ibune. Wewangen
warni-warnine kembang ing kebon marahi bu Salem betah, ora yen jagade wis
sore lan labuh peteng.
Omahe bu Salem sing dadi garwane pak Sadi ana ing prapatan
dalan kanggo tumuju sekolahan mula saben dina wayah esuk dalan kuwi rame
anggone bocah padha mangkat sekolah. Bocah mau nganthi puluhan. Ana sing
nyepedha, ana sing mlaku, ana sing nyepedha montor kabeh padha banter-banteran
kepengin tekan gisitan. Omah-omah liyane padha adoh saka papan ramene
bocah sekolah mau.
Jagad saya peteng saya peteng Tutu bibar adus weruh
adhine arep nyapu jogan tengah papan kanggo nonton TiVi, dheweke ngomong “Dhek
wis adusa tak sapune aku wae, wis sore enggal maghrib ndak telas sholat
maghribe”. Rama budhal menyang sumur lan menehke sapu marang mbakyune. Kaluwargane pak Sadi
kagolong kaluwarga sing harmonis, ora tau ana congkreh antarane anak karo wong
tuwane. Kagolong rumah tangga sederhana nanging ya cukup, gajine pak Sadi dadi
PNS nyambut damel ana ing kantor desa. Wengi kuwi kaluwargane pak Sadi padha lungguhan
sinambi nonton TiVi, pak Sadi ndhawuhi anak wadone “Tut bapak gawekna wedang
kopi nanging aja kelelegen sing sedeng wae!”. Tuti mangkat menyang pawon karo mangsuli “Inggih pak”.
Bu Salem saka pawon nggawa gorengan gedhang. Dadi lengkape wedang kopi,
wayah kuwi ya udah tumetese banyu dadi angete kanggo kumpule kaluwarga.
Tuti karo adhine pancen rukun banget bocah loro kuwi
jarake pancen ora adoh namung kacek patang taun. Tuti kelas telu
SMA umure wolulas taun, adhine sing kacek patang taun nembe kelas loro
SMP. Kadhang kala bocah loro kuwi padha sinau bareng guyup rukun. Ijig-ijig
Rama moni mengkene “Mbak sekolahmu kanggo mengeti pitulasan ana lomba
apa wae ta?” Mbakyune mangsuli “He aku durung ngerti dhek lombane apa wae, aku
kepengin nyoba ngirim hasil tulisanku marang panjebar semangat”. Rama
setuju bnaget marang sing diomongna mbakyune. Sebab dheweke ngerti yen
pancen tulisane mbakyune kuwi apik, bener-bener bisa diomong duwe
bakat ana ing bidang sastra. “Lho bener kandhamu mbak, panjenengan kudu
wani ngirim hasil tulisanmu menawa diterbitke”.
“Ya dhek iki aku meh nyoba ngirim. Nanging
kandhane pak Guruku kudu tlaten ngirim biasane sing diterbitke sing wis
ngirim ping akeh, tapi ya muga-muga aku lagi ngirim terus diterbitke”. Tuti
sumaur karo mbukak laptop sing wis diarepake. Tuti pancen bocah cerdas
lan ayu, nanging dheweke ora tau ngakoni yen dheweke rumangsa luwih saka
kanca-kancane sing saumuran karo dheweke. Dheweke namung kepengin kapinterane migunani
kanggo tiyang kathah, ora mung pinter kanggo awake dhewek. Nek adhine
pancen duwe sifat manganan nanging dheweke manut ora kaya bocah lanang-lanang
liyane sing namung padha gembelengan thok.
Pak Sadi lan bu Salem bangga banget duwe anak loro sing
bisa gawe bungah atine. Hebat kabeh. Mula pak Sadi setuju yen lulus SMA
Tuti nglanjutake kuliyah ana ing Universitas Negeri Semarang kana. Tuti saben
ndonga mesthi ngomong mengkene “Aku sabisa-bisane kudu dadi kebanggaan
wong tuwaku, kudu bisa dadi tuladha sing becik kanggo adhiku. Mugi Gusti
ngijabahi kabeh gegayuhanku”. Nanging dheweke kadhang cilik ati ora percaya
dhiri apa dheweke kira-kira bisa dadi panulis sing misuwur kaya
Asma Nadia idolane kuwi.
Monine jam nyunjukake yen wis wengi wis wayahe
kanggo turu, saka meja sinau Tuti menyat mapan turu ana ing paturon.
Dheweke ora bisa-bisa merem, matane ngantuk nanging pikirane urip terus,
dheweke wedi yen nganthi ora bisa ketrima lan kuliyah ana ing
Universitas Negeri Semarang mau. Nanging wengi saya wengi dheweke bisa merem
lan turu angler. Jam papat jagone wis kluruk Tuti gageyan tangi, menyang
sumur wudhu terus sholat subuh nglakoni kuwajibane umat muslim. Kaya adat saben
dheweke terus ngewangi ibune ana pawon, “Bu...sakmenika nyayur napa?”
“Iku iket-iketan kangkung diudari, diprithili ndang dikumbah.
Ibu ta gawe bumbu.” Sumaure bu Salem karo terus nguleg bumbu mau. Tuti gageyan
njupuk kangkung terus diprithili lan dikumbah. Bibar umbah-umbah
kangkung dheweke terus nyekel sapu, nyapu kabeh jogan. Saben isuk Tuti
paling ya mung bisa ngewangi gawean ibune kaya mengkono, amarga dheweke
ya kudu mangkat sekolah gasik. Nyapu rampung dheweke terus
menyang sumur adus terus macak lan sarapan ana ing meja bareng adhine lan
bapake.
Isuk kuwi jam enem seprapat kabeh panganan
wis cumawis ana ing meja. Masakane bu Salem pancen enak mula anak-anake lan
bojone ora tau njajan ana ing njaba. Masakan apa wae numani anak
lan bojone merga anggone masak tenanan lan pancen enak. Rama ngundhangi ibune
“Bu...bu...bu...ngenjang masak sayur kangkung malih nggih, kula remen sanget
kaliyan masakanipun panjenengan “. Karo umbah-umbah piring ibune mung mesem lan
manggut. Ora mung kaping loro, telu Rama ngalem masakane ibune. Monine
banyu tetes telung tetes mratandhani yen isuk kuwi udan.
“Adhuh udan, piye iki mangkat sekolahe mbak?’’ takone Rama marang
mbakyune. Mbakyune mung nyengir.
“Wayah wong budhal nyambut gawe malah udan!” ngeluhe pak Sadi.
“Wis ta pak aja ngeluh kaya mangkono banyu kuwi nggawa rejeki kari ndonga
wae muga-muga enggal terang “ Omonge bu Salem karo nggawakna tas kantore
bojone.
“Iki sangune Nduk, Le” bu Salem nggawa dhuwit ewon karo ngecungake
marang anake. Iki telung ewu kanggo kekalih, nyewon”. Rama lan
Tuti mangsuli “ Inggih buuu....”
“Lhah dhelok kae terang ndang padha budhal ta” monine bu Salem . Tuti
gageyan njupuk tas lan pamitan marang wong tuwane “Pak bu tuti mangkat rumiyin.”
“ Ya ngati-ati Nduk” wangsulane bu Salem karo bojone. Mentu omah
Tuti wis dienteni kancane sing jenenge Dwi, Tuti pancen bocah sing priyatin
sekolah SMA wae esih gelem nyepedha ora kudu numpak montor kaya bocah-bocah
jaman saiki. Bocah loro kuwi mau banjur mangkat bareng.
Cuthel
No comments:
Post a Comment