RESENSI NOVEL SUPARTO BRATA “CINTRONG
PAJU-PAT”
Disusun guna memenuhi tugas Ujian Akhir
Semester Mata Kuliah Menulis Kreatif
Oleh
Lasmiyati
(2601413048)
Rombel
2
BAHASA DAN
SASTRA JAWA
FAKULTAS
BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS
NEGERI SEMARANG
2014
RESENSI NOVEL
SUPARTO BRATA
Judul Novel
: Cintrong Paju-Pat
Penulis :
Suparto Brata
Penerbit : Penerbit
Narasi
Tahun Terbit : 2010
Tebal Novel : 312 halaman
No. ISBN : (10) 979-168-250-X
(13) 978-979-168-250-3
Dimensi ( ukuran buku ) : 14,5 x 21 cm
Jenis Kertas : HVS
Sinopsis
Novel Cintrong Paju-Pat nyritakaken Abritawarni kang nduweni profesi
selebritis sinetron, dijodhokake karo dhirektur anom Manahira Adsvertising Agency
sawijining Production House, kang aran Luhur Dirgantara. Nanging Abrit sejatine
nduweni rasa sir seneng marang tilas kanca kuliyahe kang aran Trengginas. Bapake
Abrit, Bathara Mayamaya, nate dadi Danrem ana Surabaya, uripe nang Jakarta rada
ketleyek, sawise pensiyun. Suwalike Satuhu Manahira. Kapten tilas klerehane,
bapake Luhur iki sukses mbukak usaha rumah prodhuksi. Saiki sugih mblegendhu.
Lumrah menawa Bu Bathara setengahe sengaja nyonyok-nyonyokake anake wedok ben
dipangan Luhur. Lire, yen gegandhengan mau kelakon dheweke bisa nunut mulya.
Ora bakal ulap maneh ambyur ing satengahing pasrawungan kaum jetset Jakarta
sing sarwa gumebyar. Dene Trengginas luwih nduweni simpati marang Lirih Nagari
lan ngentebake pilihane marang wanodya prasaja nanging pinter kuwi. Semono uga
Luhur Dirgantara sanadyan dijodhokake karo Abrit nanging nduweni kemanteban
pilihan marang Lirih, emane wis kedhisikan Trengginas kang wis ngajokake
lamaran dinane pas Lirih di PHK dening Bu Arum saka Manahira Advertising
Agency, amarga dipaekake dening Abrit. Dene Abrit bebasan ngundhuh wohing
pakarti, ora sida kelakon sesandhingan klawan Trengginas apadene Luhur
Dirgantara, nanging malah ditinggal Luhur bali menyang Amerika, lan kudu
mbalekake kerugiane Metro Manunggal Film gedhene telung milyar.
Tema :
Emansipasi wanita kang awujud katresnan
Latar Belakang :
Omah : “Omah kuwi panggung tingkat loro, magrong-magrong,
ngisor kamar tidhure papat, ndhuwur telu, durung kepetung kamar pembantu,
garasi, sepen lan kamar mandhi ngisor-ndhuwur. Ruwang keluwargane
ngoblah-ngoblah jembar, dipasangi meja kursi lan sofa pirang-pirang setel,
racake sarwa gumebyar”.
Kantor Production Manahira Adsvertising Agency : “Rapat bubar. Metu saka ruwang rapat, Abrit kesusu
bareng-bareng dhesekan marani lift”.
Jakarta : “
Kowe ki niyatmu menyang Jakarta golet panguripan apa mung arep blayangan
piknik? Lagek seminggu kloyongan neng kutha, wis nglokro, njaluk rekreasi. Aku
wingi-wingi isih neng Caruban rak wis kandha. Yen mung weton SMA wae golet
penggawean kantoran ing Jakarta mesthi kangelan. Paling-paling dadi PRT.
Sesuk-sesuk ndaftara wae menyang agen penyalur PRT. Ndang oleh penggawean “.
Hotel Sangkuriang : ” Isuk-isuk, Luhur wis metu saka Hotel Sangkuriang. Sarapan ing kantin,
terus mlaku-mlaku kaya sing dijangka, dirancang “.
Cipanas : ”
Esuk kuwi dheweke metu saka hotel wis cepak-cepak bakal ngumbara ing wilayah
tanah pegunungan Cipanas kono”.
Waktu :
Esuk : “
Wis kulina, isuk umun-umun, Arum Satuhu wis uwet ing pawon, nyiyapake sarapan
kanggo sing padha dhahar arep lunga kantor “.
Awan : “
Wayah ngaso umum jam rolas. Abrit ganti klambi srat-sret, nguculi sandhangane
pentas, nganggo klambine dhewe “.
Bengi : “
Tekan ngomah wis bengi. Trengginas kanthi jatmika ngeterake lan masrahake Lirih
marang Madusari lan Pikoleh tekan omahe ing Duren Sawit “.
Suwasana :
Kuciwa :
“ Nguciwani. Sapatemon karo Abrit kuwi
jan nguciwani banget. Luhur tatu atine. Dheweke kipa-kipa gage oncat saka papan
shooting, marga ngrasa isin banget ditampik terang-terangan dening calon
tunangane “.
Kaget : “
Luwar biyasa. Shooting sinetron dina kuwi lakune lancar. Jam setengah papat wis
rampung. Arang bisa kelakon kaya mengkono. Ora mung pas wektu sing dijadwal,
nanging malah rampung sadurunge jam sing dirancang. Kebeneran serngenge sing
ngglewang ngulon wiwit ketutup pedhut, wiwit eyup, kurang padang diserot ing
kamera “.
Seneng : “
Kabeh seneng. Trengginas ya melu seneng. Ngadege cedhak Lirih sing lagi wae
menyat saka kursi ngarep monitor, arep aweh salam tangan, tangane Lirih isih
digoncang-goncang dening Marsidik, mula terus wae ganti cara anggone aweh
salam. Awake Lirih dirangkul tangan kiwa, direngkuh dipepetake marang awake,
isih karo ngetut polahe Marsidik sing durung ngeculake tangane Lirih “.
Sedhih : “
Embuh Mbak. Pikiranku lagi puthek, gak isa mikir. Dhirektur Anom Luhur muter
kursine, ngadhepi mbakyune. Pait critane. Ra sah dakwadulake. Abrit rasane ya
kaya aku. Pengin bebas milihjodhone. Ngono wae. Dadi pihak kana, karo pihak
kene, sing padha arep nglakoni, wegah ngraket. Oleh, ya, Mbak, ngono ?”.
Alur : Cariyos Cintrong Paju-Pat nganggo alur maju
mundur alias campuran sebabe nyariyosaken wekdal kepungkur kaliyan wektal
sangarepe sing lagi dilakoni
Kutipan : “
Caruban adoh gunung, cedhak alas jati. Dolan-dolan ing als jati, Lirih wis
kerep. Yen munggah-mudhun gunung durung. La saiki Cipanas, tanah pegunungan.
Papane mendhak mendhukul, lan ana perangan-perangan kang wis gundhul, dadi
ara-ara, pomahan, tegalan. Ing kono sesawangan ora kedhang-dhangan wit ketel
dhuwur kaya ing las jati. Panorama dadi bawera. Gek hawane adhem. Lirih wis
ngumbara ngubengi gunung-gunung anakan sing pating jenggeleng, pencolotan
mlangkahi kalenan, kethekelan meneki punthuk padhas, keceh ing kaln kang
banyune kemriwik mili santer bening lan anyep, nanging meksa ora kesel. Iki
beda. Urip kang beda. Dudu alas, dudu temboke gedhonh nyakar langit, dudu
tumpakan sing pating sliri, nanging mripat nyawang kang omber bawera. Sing
disedhot dudu beluke bensin diobong. Nanging hawa adhem pegunungan alam murni
kang seger. Lirih ambegan jero. Kelegan”.
“ Lirih terus wae nyekel komputer. Durung tutug Maniking
ngandhan-ngandhani, Lirih wis wiwit ngetiki surat sing dikarepake. Dhisike
nak-nuk alon, bareng wis weruh mapan, kecepatane ngetik saya cepet saya cepet.
Cepet banget “.
“ Lirih. La apa kowe jejer empet-empetan karo Mas kuwi ? La apa
njedhul saka omahe barang? Uruse Luhur.
Biyen kancane Abrit, kanca kenthel. Saiki aku tunangane Dhik Lirih. Iki mau
mentas daklamar. Mesakake, dheweke crita jare mentas dicopot saka penggaweane.
Dadi ya arep dakopeni. Muni mangkono Trengginas karo nggandheng lengene Lirih.
Dhirektur Anom aja nglayu layung kaya mengkono. Kowe isih duwe Mbak Abrit. Ayu,
sugih, misuwur. Becike muliha wae, openana Mbak Abrit Aku wis ana sing ngopeni.
Mas iki. Karo gandhengan lengen dadi ngrangkul nglingker geger bangkekane.
Tandha cintrong “.
Gaya bahasa :
Bahasa ingkang dianggo ana novel Cintrong Paju-Pat bahasa jawa pedinan lan
istilah modheren uga akeh campuran bahasa inggris.
Kutipan : “
Ing surat kabar dipasang gambare ngegla, Abrit Mayamaya karo dheweke, Luhur
Dirgantara. Ing latar mburi sanajan bureng, ora fokus, katon fotone ibu lan
bapake. Kuwi genah potret sing dicepret dhek wingi, ing ruwang Dhirektur
Pratama kantor bale Prodhuksi Manahira Adsvertising Agency. Acara gendheng-gendhengan
“.
“ Lek ngono nggaea mobilku ae, ya. Gawanen sakarepmu. Pokoke budhal ndhuk
Cipanas, nggone shooting “.
“ Enggih. Nggih niku ratu iklane sabun luxor. Niku mau dados figuran,
gratis, mboten sah dibayar, anggere diambung Abrit Mayamaya kados wau. Diambung
wong sing ayune sumlohe kaya ngono-hee “.
“ Solahe wong diksiya apa ora waleh ta, para sutradhara kuwi ngleler adegan
solahe wong brangasan nyiksa wong liya ?”
“ Jare dipocok dadi instruktur babagan komputer ngganteni Pak Teja sing
lagi cuti “.
“ New broom sweeps clean. Trengginas noleh nyang Abrit karo uwet mbenakake
tali helme “.
“ Yes, yes. Its finished already. Okey. Very good. Thank you. Would you
please....”
Amanat :
1). Dadi wong wedok kudu nduweni
harga diri sing duwur, 2). Tresna asih ora kudu nduweni, 3). Emansipasi wanita
kudu dijumbuhake ana ing panguripan, wong wedok karo wong lanang saiki drajate
padha, 4). Dadi wong wedok kudu nduweni tata krama, sopan santun, 5). Aja nilai
wong amung saka raga utawa ayune nanging solah bawane, kepinterane uga dinilai.
Penokohan :
Lirih Nagari : Teguh
“ Sampun, ta, Bu. Sampun. Kula mboten menapa-menapa, kok. Kula malah mboten
sekeca upami tetep kepareng nyambut damel ing ngriki, nanging dipuntedah dados begundhal, ature Lirih kanthi tatag lan
teges. Lan terus menyat “.
Abrit Mayamaya :
Cemburuan, Anggak/sombong, Judhes
“ Embuh. Nanging aku dhek mau kae ngonangani, Luhur kuwi mata kranjang.
Wegah aku ngladeni wong kaya ngono. Bandha ya ora dakgoleti, kenapa kudu kawin
karo wong sugih ?”
“ Males Mbak. Jadwal shooting kaya ngono riyele, sela sithik wegah aku
lunga-lunga. Seneng klekaran wae neng omah. Pak, Bu aku budhal. Sori, ya ,
Mbak. Aku wis semayan karo kancaku. Daktinggal, ya. Mas, sampeyan ki ya pekerja
keras, ya. Pantes tenan dadi wakil dhirektur. Abrit karo kesusu ngambungi
bapak, ibu, Langit, lan salaman karo Suradira. Puspa mung dijawil “.
“Kowe mau kepriye, ta, Rih ? Kok nganthi bengkerengan karo Mbak Abrit ?”
“ Embuh ayu-ayu kok judhese kaya ngono. Amit-amit ya ngono kuwi yen kulina
main sinetron. Pribadine, tingkah polahe kaya perane ibu kwalon kabeh “.
Luhur Dirgantara : Getunan
“ Nguciwani. Sapatemon karo Abrit
kuwi jan nguciwani banget. Luhur tatu atine. Dheweke kipa-kipa gage oncat saka
papan shooting, marga ngrasa isin banget ditampik terang-terangan dening calon
tunangane “.
“ Embuh Mbak. Pikiranku lagi puthek, gak isa mikir. Dhirektur Anom Luhur
muter kursine, ngadhepi mbakyune. Pait critane. Ra sah dakwadulake. Abrit
rasane ya kaya aku. Pengin bebas milihjodhone. Ngono wae. Dadi pihak kana, karo
pihak kene, sing padha arep nglakoni, wegah ngraket. Oleh, ya, Mbak, ngono ?”.
Trengginas : Melasan/eman
“ Lirih. La apa kowe jejer empet-empetan karo Mas kuwi ? La apa
njedhul saka omahe barang? Uruse Luhur.
Biyen kancane Abrit, kanca kenthel. Saiki aku tunangane Dhik Lirih. Iki mau
mentas daklamar. Mesakake, dheweke crita jare mentas dicopot saka penggaweane.
Dadi ya arep dakopeni. Muni mangkono Trengginas karo nggandheng lengene Lirih “.
Bu Arum Satuhu : Nesunan
“ Kene. Lungguha kene pakone Arum
marang Lirih, ngakon lungguh ing ngarepe, dikupengi para pangarsa prusahakan.
Lan tanpa taha-taha, Arum terus wae ngomong bantas,”Ngene, ya. Aku wingenane
rak wis kandha. Kowe ora oleh srawung karo Luhur. Aja maneh ngesiri, nggodha,
srawung wae ora oleh. Sanajan penggaweane sak kantor. Luhur kuwi Dhirektur
Anom, kowe kuwi mung pegawe biyasa. Mung saking kemayumu thok, Luhur ketarik
kokgodha. Lan kowe ya wis sumpah, ora bakal srawung karo Luhur. Nanging, apa
nyatane? Kowe glibetan wae neng sandhinge Luhur. Mula aku wis ora bisa sabar
maneh. Kowe dakcopot. Wiwit dina iki ora sah nyambutgawe neng kene. Ngreti kowe
“.
Langit Nilakandhi : Bijaksana lan sabar
“ Aku ora trima. Lirih iki dadi tanggungjawabku. Ora kena dheweke disawiyah
kaya mengkono. Ora adil dheweke dicopot marga saka fitnah. Dheweke ora nglakoni
kaya apa sing diarani dening Ibu mau. Lirih ora tau ketemu Dhimas Luhur ing
kantor kene. Upama ketemua, ya mesyhi Dhimas Luhur sing karep “.
Bu Kinyis : Matre/seneng dunyane thok
“ Abrit,,Abrit... Aja mung bisa nyacat kulite thok. Wawasen isine, Dhik
Satuhu lan Jeng Arum, wis genah terang-terangan, ora lila yen nganthi
prusahakan kuwi andhile gedhe dikuwasani dening anak mantu. Sing dikepengini
anake lanang. Mula disubya-subya disekolahake nyang Amerika, lan saiki
digolekake bojo sing ora baen-baen kuwalitase. Nak Luhur sing digadhang dadi
ahli warise, kowe sing dipilih dadi jatukramane si ahli waris. Ngono wose sing
daksemak anggone milih kowe “.
“ Cintrong ki ya bisa dikendhalekake karo pikiran waras. Rasional. Pikiren,
ta. Trengginas kuwi penggaweane apa, uripe kepriye? Numpak sepedha montor,
kandhamu ta? Dene Nak Luhur, kowe ngreti dhewe kasugihane sepira, pendhidhikane
weton Amerika. Tumpakane Blazer Montero. Iki, karo nudingi larapane Kinyis
Mayamaya nutuge omong, menungsa kuwi diparingi pikiran dening Allah, gunane
dienggo mikir. Urip rasional. Nalar “.
Maniking : Royal
“ Lirih luwih somah. Maniking kerep lelungan lan klebune boros, seneng
foya-foya. Ora papa, bayarane cukup, isih enom, legan. Golek pasangan kanggo
urip jaman mbesuke mesthi wae tetep diangkah, disembadani sarana urip kang
mubra-mubru “.
Madusari : Dahwen
“ Kowe mau kepriye, ta, Rih? Kok nganthi bengkerengan karo Mbak Abrit?
Pitakone Piko sawise Trengginas lunga. Madu ya melu pasang kuping lan mripat “.
Tokoh Figuran : Bapak Bathara Mayamaya, Bapak Satuhu, Pikoleh, Ndaru,
Tatok, Marsidik, Titien, Jingga, Sakura, Suradira, Srinawang, Roni.
Sudut Pandang :
Sudut pandang novel Cintrong Paju-Pat karya Suparto Brata menurut kula ngagem
sudut pandang Orang ketiga serba tahu, sebab pangripta nyritakaken kanggo
werna-wernane jeneng sing bisa dadi kembange alur crita.
“ La aku gregeten karo gemes banget,
le, karo dheweke. Ketemu karo aku, srawung suka seneng, ora ngaku yen dheweke
pegawe kene. Ngono kuwi rak nggregetake, wong aku kebacut cintrong. Olehku
nggoleki setengah mati, lo sawise aku pisah karo dheweke. La dheweke misah
dadkan, pawadane arep shooting. Ngono kuwi apa ora nggemesake? Hihh. Sik, Mbak,
dakjewere kupinge”.
“Luhur,, Luhur Adhimas. Elinga iki kantor. Aja sembrana. Kowe salah. Pancen
nalika andon suka karo kowe nalika samana, Lirih dudu pegawe kene “.
“ Nanging ngakune sripanggung, shooting bareng karo Abrit “.
“ Ora kowe salah tampa. Wis, ta, aja kok siksa bocah iki. Kowe kudu njaluk
ngapura. Yen ora kowe daktuntut wis ngenyek nyenyamah wanita. Ayoh ngadoh mrana
“.
Kaluwihan Novel:
Menurut kula akeh banget kaluwihan novel karya Soparto Brata kadosta :
1). Wose novel maringi tuladha tata krama anggone cah wedok ngomong kalih
wong sepuh
Ana ing celathune ibune Abrit mengkene: “ His, ya njenggeleka, ta, Brit.
Gek pupune ditutupi kuwi. Ngomong karo wong tuwa kudu sopan “.
2). Novel iki njunjung banget sastra jawa, yaiku mligine sastra jawa
modheren
Ana ing dilaoge Lirih karo Abrit sing kekeh mbelani jenenge Lirih Nagari
ana artine: “Aku eram. Wong guru SD wae, kok olehe njenengake anake dtlusupi
aji-aji sing nyemangati bakal urip jabangbayi “. “ Aja nyawang ndesane. Elinga
bapakku kuwi ngguleti sastra Jawa. Sastra Jawa kuwi piwulang budi luhur. Sing
sapa mbatih lan ngrungkebi sastra jawa, mesthi luhur budine. Saora-orane
sanajan ora menangi bapak, aku rumangsa tetep nampa piwulange, marga maca
buku-buku sastra jawa sing dgeluti nang bapak. Aku, Mbakyu lan kakanhgku ora
disangoni bandha dening bapak, nanging disangoni sawab prabawaning ngaurip kang
rinegem ing sastra. Antara liya daksandhang ing jeneng. Jeneng dadi dhasar
lelabuhane uripku. Diwarisi jeneng, tansah daksandhang, ora bisa direbut wong
liya “.
3). Novel iki njunjung era feminisme, emansipasi wanita dikawigatikaken
Ana ing celathune Trengginas marang Lirih : “ Era feminisme, jee, aja lali.
Drajat, pangkat, hak lan kewajibane manungsa lanang lan wadon dituntut padha.
Abot, entheng, disangga padha. Ora pincang, ora njomplang botsih kang marakake
serik drengki, ora kok terus dadi mungsuh. Allah wis nyiptakake sakathahe
manungsa, ora tau ana sing padha, ya rupane, atine, klompoke, kapercayane. Ana
sing lanang, ana sing wadon. Kabeh sarwa beda. Yen digelar alami manut kersane
Allah dadi harmonis pepasangan ngrenggani enadahe jagad. Nanging yen beda kuwi
dimasalahke kudu diseragamake, kudu kabeh dipadhakake, upama kabeh bangsa
sadonya kuwi kulite kudu putih kabeh, kabudhayane kudu padha, basane kudu mung
sawiji, kuwi kudu kersane Allah, donya dadi neraka “.
4). Novel iki nenthang acara televisi sing ora ndhidhik babarblas
Ana ing pacelathone Lirih karo Abrit : “ Kerja ya kerja, aja ndremimil.
Mbokmenawa sutradhara mengko mbutuhake peran wong wadon ndesa kang nuambutgawe
abot, nanging terus diperkosa majikane, dakkira kowe cocog “.
“ Rak sudik. Aku emoh main film. Aku gething karo apa sing dipitontonake
ing sinetron. Solahe wong deksiya apa ora waleh ta, para sutradhara kuwi
ngleler adegan solah bawane wong brangasan nyiksa wong liya? Sing brangasan,
elek atine, nanging digdaya, menang, akeh akale, deksiya banget; sing apik
atine, wedok ayu, dadi kurban, disiya-siya, ora duwe daya, bodho. Bisane males
mung anane keajaiban, rak gemang yen urip ana Indonesia iki pancen kebak
munasika kaya mengkono? Mbok coba, urun ndhidhik putra bangsa, nyipta lakon lan
adegan harmonis, lucu, cerdas” Lirih maoni kanthi ngeyel.”
Kekirangan Novel :
Menurut kula kekirangan novel iki akeh banget kadosta :
1). Critane nggantung dadi pemaos kudu nebak-nebak pungkase crita kudu piye
Ana ing pacelathone Luhur karo ibune :
“ Alah kuwi gampang banget kok Bu. Aku ora bakal kawin karo Abrit kaet
biyen aku ya wis ora seneng kok.”
“ La terus? La terus? Dhuwit sing telung milyar kuwi ?”
“ Ya ben ditanggung dhewe!”
2). Angel anggone nebak sudut pandang penokohan sebabe ora ana panjelasan
kawiwitan tembung aku, dheweke, tapi langsung jenengan paragane
“ Ing surat kabar dipasang gambare ngegla, Abrit Mayamaya karo dheweke,
Luhur Dirgantara. Ing latar mburi sanajan bureng, ora fokus, katon fotone ibu
lan bapake. Kuwi genah potret sing dicepret dhek wingi, ing ruwang Dhirektur
Pratama kantor bale Prodhuksi Manahira Adsvertising Agency. “ Acara
gendheng-gendhengan!”
3). Akeh kalimat sing mbingungake para maos
Yaiku pangucape Luhur : “ Buu... Iki gambar pawarta apa, ta? Wartawane kok
usil timen? Dibacutake tulisan : “ Wis kulina, esuk umun-umun, Arum Satuhu wis
uwet ing pawon , nyiapake sarapan kanggo sing padha arep lunga ngantor. Krungu
dibengoki anake, gage nggawa susu segelas “.
4). Teknik jenenge para paragane adoh saka kasunyatan
Kadosta: Abrit Mayamaya ( Abritawarni ), Luhur Dirgantara, Arum Satuhu, Bu
Kinyis, Trengginas, Langit Nilakandhi, Lirih Nagari, Madusari, Pikoleh,
Maniking, Srinawang, Brigjend Bathara Mayamaya, Sakura, Ndaru, Jingga. Yen
klompokake Cuma fiktif kaya ing negeri dongeng.
Manfaat:
Novel Cintrong Paju-Pat ora mung kanggo hiburan nanging akeh aweh pesan moral
kang kudu dituladhani mligine kanggo wanita , aja dadi wanita sing lemah
nanging kudu teguh kaya tokoh Lirih Nagari lan kudu nduweni tata krama anggone
ngomong karo wong tuwa sing diconthoake dening Bu Kinyis marang anak wedoke
Abrit, anggone ngomong karo wong tuwa kudu sopan.
Saran Kanggo Novel :
Cerbung iki bisa luwih nengsemake ati menawa digarap kanthi luwih jembar
ing samubarang obyeke. Permainan tembung lan ukara perlu sithik-sithik kopoles
ukara geguritan lan ngrembakake gaya bahasa kang njelasake swasana. Upamane
swasana kasmaran, gundhah, kesengsem, kangen-kangenan, uga pemberian nama tokoh
luwih realis aja kaya ing crita dongeng.