Baladewa Ratu Mancla-Mencle
Baladewa
iku salah sijine tokoh ing wiracarita Mahabarata,dheweke putera Basudewa lan
Dewaki. Duwe sedulur loro,yaiku Kresna lan Dewi Subadra (garwane Arjuna),
nanging sejatine Baladewa kui kakang kandunge Prabu Kresana. Dheweke nduweni
watek teteg ati (kekeh),nesuan ,nanging ya gedhe pangapura lan bijaksana.
Baladewa nduweni pusaka sakti ,yaiku Nanggala lan Aluraga saking Brahma,dheweke
uga nduweni tunggangan gajah sing diarani Kyai Puspadenta.
Baladewa
uga duwe nama sing seje yaiku Sankarsana sing tegese “ Pemindahan Janin”
sebabipun dheweke lair saking gua garbane Rohini dudu saking Dewaki.Lagi enom
Baladewa duwe nama Rama,sebab duweni kekuatan sing luar biasa,dheweke uga diarani
Balarama utawa Baladewa (bala= kuat). Erawati iku garwane Baladewa puteri Prabu
Salya lan Dewi Setiyawati,Baladewa nate
dados pendeta pertapan Argasonya lan duweni gelar Wasi Jaladra. Baladewa
nggarwa Dewi Erawati dipunparingi putera Wisata lan Wimuka,nama saknalika
taksih enom kakasrana,waktu dheweke enom dadi tukang angon wedhus bareng adine
Prabu Kresna.
Baladewa
uga duwe dulur beda ibu yaiku Arya Udawa putera Prabu Basudewa lan Ken Sagupi.
Baladewa wonten ing Mahabarata tepang pinter hajar Duryudana kaliyan Bima
ngagem pusakipun yaiku gada nunggala.
Wonten
ing peperangan Bharatayuddha Jaya Binangun ,sejatine
dheweke mbotohi kurawa yaiku Kurupati alias Duryudana ,nanging siasatipun
Kresna dheweke ora melu ing peperangan kui sebabipun dheweke sakti
banget,dheweke malah dikonkon tapa ing Grojogan Sewu. Rikala peperangan
Bharatayuddha diwiwiti dheweke mbotohi Kurupati lan adine Kresna mbotohi
Werkudara. Kacarita rikala semana wong agung Duryudana ewah raden Werkudara
sami olah gada ,karnata prigel mapan ana Duryudana,rasa mapan ana raden Harya
Werkudara,kekalih kalira sami-sami darbe kasekten dhewek-dhewek. Rikala semana
Prabu Baladewa sigra mbengok swara klawan Prabu Duryudana ,Duryudana
eling,eling,eling Duryudana . Panyayah den wusikake kalamunta raden Harya
Werkudara darbe pangapesan mapan ana pilingan kiwa,Rikala Prabu Baladewa
ngendika eling,eling,eling sakala kaya
dielingake sigra namakaken gada singa barong marang pillingane raden Werkudara
saknalika rebah Werkudara modar.
Petruk,
Bagong, lan Kresna ora trima yen bendarane kalah saknalika, Baladewa
sigrak-sigrak yen bendarane Duryudana menang, gara-gara kaya kui dheweke padu
karo adine dhewek yaiku Prabu Kresna, malah sami olah pusaka,dheweke ngetokake
pusaka nanggala. Prabu Kresna duwe siasat
karo metruk mangke nalika Kurupati lan bendrane Werkudara perang malih
ameh mbenggok puwa,tegese Werkudara kon nyabet pupu kiwane Kurupati.
Kacarita
den pulasara Prabu Duryudana kaliyan raden Werkudara ngantos rebah,prabu
Duryudana den asap gada rujak pala, nalika samana den asap gada rujak pala sang
prabu Duryudana boten tatu , nanging sangsaya ageng gadanipun saya ageng,saya
ageng ical wujuden prabu Duryudana,mlembung panjalarareksa. Werkudara sanjang
mengkene “ wah, ilang sifatmu kakang Kurupati,ayo saiki nek arep urip,uripa nek
arep ngucap,ngucapa saiki. Menungsa kakean dosa matia kaya dapurmu kui”. Kakang
Kurupati ora trima mbengok mengkene “keparat aku mbok koe anggap wes mati? Wong
gemblung, sejatine koe wong sing ora ngrumangsani wong pekok,koe wong tolol koe
entuk negara sing wes kothong blong,banda wes ta enteke kanggo wragad
perang,anane mung bocah lola, bangsa randa, bocah nangis pathing clenger, wong
cacat, wong jompo kui sing mbok bakal koe urusi keparat”.
Kurupati
taksih ngoceh wae,,kaya mengkene “aku sih wes tau mukti wibawa dadi ratu,mangan
enak, turu kepenak,seneng apa wae wes tau klakon. Saka gandrungmu karo
kautaman, koe ora entuk apa-apa diapusi ngalor ngidul ora mudeng”. Saknalika
Baladewa sanjang “ideken telake wes arep modar taksih ngglambek wae,yayi
Kurupati sampean niku kudu nrima, awak sampean wes bubrah,wes dudu wujud
menungsa maneh, sampean wes ilang sipat manungsane. Sampean wes kaya ngana kudu
nrima ora malah gawe memanas ati wae”. Baladewa saknalika malik dadi mihak
Werkudara melu-melu adine yaiku Prabu Kresna , weruh bendrane nglumpruk ora
duwe daya.
Ing
peperangan kaping kalih Kurupati gara-gara nglumpruk kaya wes ora duwe daya,
wujude bubrah wes dudu menungsa maneh. Nanging dheweke ora trima yen peperangan
kui sing menang Werkudara pihake Prabu Kresna Kurupati purun pejah,menawi kalih
katresnane yaiku Sengkuni, saknalika bangkenipun Sengkuni dipunpadosi kaliyan
Werkudara. Dheweke ora trima menawi Baladewa mihak Werkudara ,dheweke
misuh-misuh marang Baladewa, dheweke ngomong yen Baladewa kui ratu
mancal-mencle,jerene mihak kula jebule mung lamis,ndi buktine mung samudana
kula sampun ngerti nek janjane kula wonten mandu,ora bakal sampean
ngrewangi kula, sing direwangi ya
pandawa jalaran ana Kresna adimu kui,boten bakal sampean ngrewangi kula.
Werkudara
wes njupuk bangkene Sengkuni ,janjine Kurupati mau purun pejak nalika kalih
katresananipun ,ingkang dipikir Baladewa katresnanipun Kurupati kui ya
Banawati,,,malah jebule Sengkuni,,edan ikih hahahaa.”Iku sing jenenge ngundhuh
wohing pakarti, Duryudana menika ngundhuh tanemanipun piyambak sampun kersanipun”
menika sanjangipun Prabu Kresna.
Baladewa
dikei umur dawa,dheweke dadi pamong lan penasehat Prabu Parikesit,raja
Hastinapura ingkang nggantosaken Prabu Puntadewa. Baladewa mati moksa sabibaripun
punahe Wangsa Wresni.
No comments:
Post a Comment