Thursday, November 27, 2014

Mittos Pantangan Nikah

Mittos Pantangan Nikah
Desa Bangunreja menika kelurahan ingkang wonten kecamatan Kedungreja,  kabupaten Cilacap,  propinsi Jawa Tengah. Ing desa Bangunreja menika wonten mittos pantangan anak pambarep nikah karo anak selen, anak selen menika anak sing wong tuwane wis  ora jangkep. Yaiku misale anak duga utawi randha. Jerene nek tetep dilakoni bakal ana kedadeyan sing ora apik, yaiku besan sing tesih jangkep bakal mati salah siji ngimbangi besan sing selen mau. Wong-wong ing desa Bangunreja mau percaya banget karo mittos kui, nek nganti ana sing wani nglakoni nikahna anak pambarep karo anak selen mau bakal dadi omongan wong sedusun. Amargi dadi omongan kui tenan bisa kedadeyan sing ora apik. Sing jenenge mittos kui ya ora mesthi bener, jarang benere pancen. Tapi sing jenenge wong desa wong sing tasih kolot ya percaya wae karo omongan para leluhur jaman biyen.
Kandane para mbah buyut pancen angel dibantah, biyen-biyene wis ana aturan kaya ngana ya gari manut wae. Nek sing manut aturan mbah buyut mau jerene ya bakal urip penak, slamet selawase urip. Sing jenenge nikah kui kanggo selawase urip mulane ya diitung sekabehane , nganti tekan anane weton saka bocah lanang lan wedok. Aja nganti nglakoni pantangan mau, sing dijaluk mending nikahna  anak pambarep karo ana wuragil nanging sing tasih jangkep wong tuwane. Jerene mbah buyut nek jodohan apik itungane bakal kepenak segalane, rezeki, umur lan liyan-liyane bakal slamet. Diomong apik amargi ana jenenge ing budaya jawa babagan nikahan yaiku tumplek ponjen.
Ing desa Bangunreja ora mung ana  mittos kui mau tok. Ana maneh mittos nikahan sing dipantang yaiku masalah papan panggonane tegese umahe antarane besan saka anak lanang karo besan saka anak wedok. Jerene mbah buyut nek wong besanan karo tangga teparo sing umahe adhep-edhepan utawa menges kaya manah, ana istilah liyane ya kui kaya gotong gili, gotong sawah,gotong karangan,gotong kliwon uga ora olih kanggo besanan amargi ya ana pantangane. Pantangan kui jerene bakal ana sing kalah, tegese kalah kui bisa ana sing mati saka besan lanang utawa wedok, bisa uga saka bocah sing dinikahna mau. Sing diarani adhep-adhepan kui ya omah besan karo besan jebles adhep-adhepan, misale sing siji madhep ngetan sing siji madhep ngulon sing dialangi gili dadi ora sepanggonan nanging beda karangane. Sing diarani menges utawa manah kui omah besan  karo besan panggonane menges kaya manah kui ya tetep beda karangane, sing jenenge gotong karangan kui adhep-adhepan nanging kaling-kalingan karangan  suwung, nanging panggonan umah mau tetep adhep-adhepan , sing diarani  gotong sawah kui tegese besan karo besan duwe sawah sing panggonane adhep-adhepan sing beda kothakane, sing diarani gotong kliwon kui bocah lanang karo bocah wedok sing arep dinikahna rangkep wetone bocah mau wage karo manis dadi ngapit kliwon.

Ana maneh pantangan liyane sing dadi mittos uga yaiku nikahna bocah sing wetone jemuah karo setu, jerene ya bakal ana sing mati dudu wong tuwane nanging salah siji bocah sing dinikahna mau. Liyane ya kui pantangan besanan dadung kepuntir tegese yaiku misale sepranak besanan loro sing pertama ulih anake besan sing enom, terus sing keloro ulih anake kang mas utawa mbakyu besan sing pertama dadi tegese sing tuwa ulih anake sing enom, sing enom ulih anake sing tuwa. Amargi kewolak-walik dipercaya bakal ana kedadeyan sing ora apik yaiku bakal dipuntir gulune, mbuh antarane besan utawa bocah sing dinikhna mau.
Baladewa Ratu Mancla-Mencle


Baladewa iku salah sijine tokoh ing wiracarita Mahabarata,dheweke putera Basudewa lan Dewaki. Duwe sedulur loro,yaiku Kresna lan Dewi Subadra (garwane Arjuna), nanging sejatine Baladewa kui kakang kandunge Prabu Kresana. Dheweke nduweni watek teteg ati (kekeh),nesuan ,nanging ya gedhe pangapura lan bijaksana. Baladewa nduweni pusaka sakti ,yaiku Nanggala lan Aluraga saking Brahma,dheweke uga nduweni tunggangan gajah sing diarani Kyai Puspadenta.

Baladewa uga duwe nama sing seje yaiku Sankarsana sing tegese “ Pemindahan Janin” sebabipun dheweke lair saking gua garbane Rohini dudu saking Dewaki.Lagi enom Baladewa duwe nama Rama,sebab duweni kekuatan sing luar biasa,dheweke uga diarani Balarama utawa Baladewa (bala= kuat). Erawati iku garwane Baladewa puteri Prabu Salya lan Dewi  Setiyawati,Baladewa nate dados pendeta pertapan Argasonya lan duweni gelar Wasi Jaladra. Baladewa nggarwa Dewi Erawati dipunparingi putera Wisata lan Wimuka,nama saknalika taksih enom kakasrana,waktu dheweke enom dadi tukang angon wedhus bareng adine Prabu Kresna.

Baladewa uga duwe dulur beda ibu yaiku Arya Udawa putera Prabu Basudewa lan Ken Sagupi. Baladewa wonten ing Mahabarata tepang pinter hajar Duryudana kaliyan Bima ngagem pusakipun yaiku gada nunggala.

Wonten ing peperangan Bharatayuddha Jaya Binangun ,sejatine dheweke mbotohi kurawa yaiku Kurupati alias Duryudana ,nanging siasatipun Kresna dheweke ora melu ing peperangan kui sebabipun dheweke sakti banget,dheweke malah dikonkon tapa ing Grojogan Sewu. Rikala peperangan Bharatayuddha diwiwiti dheweke mbotohi Kurupati lan adine Kresna mbotohi Werkudara. Kacarita rikala semana wong agung Duryudana ewah raden Werkudara sami olah gada ,karnata prigel mapan ana Duryudana,rasa mapan ana raden Harya Werkudara,kekalih kalira sami-sami darbe kasekten dhewek-dhewek. Rikala semana Prabu Baladewa sigra mbengok swara klawan Prabu Duryudana ,Duryudana eling,eling,eling Duryudana . Panyayah den wusikake kalamunta raden Harya Werkudara darbe pangapesan mapan ana pilingan kiwa,Rikala Prabu Baladewa ngendika eling,eling,eling  sakala kaya dielingake sigra namakaken gada singa barong marang pillingane raden Werkudara saknalika rebah Werkudara modar.

Petruk, Bagong, lan Kresna ora trima yen bendarane kalah saknalika, Baladewa sigrak-sigrak yen bendarane Duryudana menang, gara-gara kaya kui dheweke padu karo adine dhewek yaiku Prabu Kresna, malah sami olah pusaka,dheweke ngetokake pusaka nanggala. Prabu Kresna duwe siasat  karo metruk mangke nalika Kurupati lan bendrane Werkudara perang malih ameh mbenggok puwa,tegese Werkudara kon nyabet pupu kiwane Kurupati.

Kacarita den pulasara Prabu Duryudana kaliyan raden Werkudara ngantos rebah,prabu Duryudana den asap gada rujak pala, nalika samana den asap gada rujak pala sang prabu Duryudana boten tatu , nanging sangsaya ageng gadanipun saya ageng,saya ageng ical wujuden prabu Duryudana,mlembung panjalarareksa. Werkudara sanjang mengkene “ wah, ilang sifatmu kakang Kurupati,ayo saiki nek arep urip,uripa nek arep ngucap,ngucapa saiki. Menungsa kakean dosa matia kaya dapurmu kui”. Kakang Kurupati ora trima mbengok mengkene “keparat aku mbok koe anggap wes mati? Wong gemblung, sejatine koe wong sing ora ngrumangsani wong pekok,koe wong tolol koe entuk negara sing wes kothong blong,banda wes ta enteke kanggo wragad perang,anane mung bocah lola, bangsa randa, bocah nangis pathing clenger, wong cacat, wong jompo kui sing mbok bakal koe urusi keparat”.
Kurupati taksih ngoceh wae,,kaya mengkene “aku sih wes tau mukti wibawa dadi ratu,mangan enak, turu kepenak,seneng apa wae wes tau klakon. Saka gandrungmu karo kautaman, koe ora entuk apa-apa diapusi ngalor ngidul ora mudeng”. Saknalika Baladewa sanjang “ideken telake wes arep modar taksih ngglambek wae,yayi Kurupati sampean niku kudu nrima, awak sampean wes bubrah,wes dudu wujud menungsa maneh, sampean wes ilang sipat manungsane. Sampean wes kaya ngana kudu nrima ora malah gawe memanas ati wae”. Baladewa saknalika malik dadi mihak Werkudara melu-melu adine yaiku Prabu Kresna , weruh bendrane nglumpruk ora duwe daya.

Ing peperangan kaping kalih Kurupati gara-gara nglumpruk kaya wes ora duwe daya, wujude bubrah wes dudu menungsa maneh. Nanging dheweke ora trima yen peperangan kui sing menang Werkudara pihake Prabu Kresna Kurupati purun pejah,menawi kalih katresnane yaiku Sengkuni, saknalika bangkenipun Sengkuni dipunpadosi kaliyan Werkudara. Dheweke ora trima menawi Baladewa mihak Werkudara ,dheweke misuh-misuh marang Baladewa, dheweke ngomong yen Baladewa kui ratu mancal-mencle,jerene mihak kula jebule mung lamis,ndi buktine mung samudana kula sampun ngerti nek janjane kula wonten mandu,ora bakal sampean ngrewangi  kula, sing direwangi ya pandawa jalaran ana Kresna adimu kui,boten bakal sampean ngrewangi kula.

Werkudara wes njupuk bangkene Sengkuni ,janjine Kurupati mau purun pejak nalika kalih katresananipun ,ingkang dipikir Baladewa katresnanipun Kurupati kui ya Banawati,,,malah jebule Sengkuni,,edan ikih hahahaa.”Iku sing jenenge ngundhuh wohing pakarti, Duryudana menika ngundhuh tanemanipun piyambak sampun kersanipun” menika sanjangipun Prabu Kresna.


Baladewa dikei umur dawa,dheweke dadi pamong lan penasehat Prabu Parikesit,raja Hastinapura ingkang nggantosaken Prabu Puntadewa. Baladewa mati moksa sabibaripun punahe Wangsa Wresni.